Kartu Vaksin Dadi Syarat Nggo Lunga-lunga, Ganjar: Ora Adil

Konten Media Partner
11 Agustus 2021 14:45 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ganjar Pranowo. (Foto: Humas Pemprov Jateng)
zoom-in-whitePerbesar
Ganjar Pranowo. (Foto: Humas Pemprov Jateng)
ADVERTISEMENT
SEMARANG — Daérah liya wis ana sing nggawé aturan ari sértifikat vaksin dadi syarat wargané nggo lunga-lunga. Dhéwéké sing wis divaksin lan nduwéni sértifikat, diwéin kelonggaran nggo nglakokna aktivitas nang tempat umum kaya mall, tempat wisata lan tempat umum liyané.
ADVERTISEMENT
Gubernur Jawa Tengah, Ganjar Pranowo negasna Jawa Tengah durung njukut kebijakan kuwé. Alesané, akéh wong sing durung divaksin nang Jawa Tengah.
"Durung, dhéwék durung anjog mana. Angger kabéh kudu nganggo syarat vaksin, sementara vaksinasi durung dhuwur, dadiné nyong rasa kuwé ora adil. Wong durung divaksin koh, sing divaksin ésih sacuil," jarené lubar mimpin rapat koordinasi penanganan COVID-19 nang kantoré, dina Senén (9/8).
Jaréné Ganjar, kelonggaran nggo wong-wong sing wis divaksin nggo lunga-lunga kurang pas. Hal kuwé nggawé keadilan nang masarakat kesléngso.
"Latané seolah-olah, wong-wong sing wis divaksin pada olih prioritas pertama nggo klayaban. Kan ora kepénak dhéwék maring rakyat," tegasé.
Sabeneré bisa baé syarat vaksin kuwé ditrapna nalika vaksinasi wis dhuwur. Angger saiki, wong pan mampir maring mall utawa tempat umum liyané bisa dilakoni senajan durung divaksin, asal nerapna protokol keséhatan sing ketat.
ADVERTISEMENT
"Angger kuwé bisa dilakoni, jumlahé diwatesi awit lawang manjing. Sabeneré kuwé bisa. Tapi mengko angger wis olih dibuka," terangé.
Jateng saiki kondisiné wis mipil apik. Léveling nang pirang daérah jaré Ganjar wis mudun. Tapi nggo mbuka mall, tempat wisata lan tempat umum liyané, dhéwéké njaluk ngenténi keputusan seka pusat.
"Tapi tentuné dhéwék kudu ngenténi keputusan évaluasi seka pusat, éndah sragam. Ora olih jalan dhéwék-dhéwék. Angger wis ana keputusan, dadi sabeneré kuwé bisa dilakoni," pungkasé.
Kaya dingerténi, daérah liya wis ana sing mékena kelonggaran maring wargané nggo lunga-lunga karo syarat nudukna sértifikat vaksin.
Nang Jakarta umpamané, Gubernur DKI Jakarta Anies Baswedan mutusna ari sértifikat vaksinasi pan dadi salah siji syarat pelonggaran pirang-pirang aktivitas umum nang ibukota. Neng antarané kegiatan ékonomi, keagamaan, sosial lan budaya. (*)
ADVERTISEMENT