Kasus Kriminal nang Pemalang Munggah Sadawane Taun 2020, Merga Pageblug Corona?

Konten Media Partner
1 Januari 2021 20:23 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo wayah Konferénsi pérs akhir taun 2020 nang Hotel Winner Pemalang, dina Rebo (30/12/2020).
zoom-in-whitePerbesar
Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo wayah Konferénsi pérs akhir taun 2020 nang Hotel Winner Pemalang, dina Rebo (30/12/2020).
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Kasus kriminalitas nang Kabupatén Pemalang munggah sadawanéng taun 2020. Jumlah kasus kejahatan tekan 200 kasus dibandingna karo taun 2019 sing tekan 186 kasus.
ADVERTISEMENT
Hal kuwé disampékna Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo wayah Konferénsi pérs akhir taun 2020 nang Hotel Winner Pemalang, dina Rebo (30/12/2020).
"Munggahé segedhé 7,5% karo jumlah kasus tekan 200 laporan. Perséntase penyelesaian tekan 7,8% karo jumlah 166 kasus," jaréné.
Jaré dhéwéké, pageblug Corona, mékena pengaruh sing semadan ketara nang munggahé jumlah kejahatan konvensional lan narkoba nang taun 2020. Seka 4 werna golongan kejahatan, kasus kejahatan konvensional lan narkoba nang taun 2020 munggah.
Saiki, Polrés Pemalang wis ngamankna pirang-pirang tersangka kasus tindak pidana sing yakuwé napi asimilasi. Dinyana, pirang-pirang napi asimilasi nglakoni kejahatan maning, soalé kegempét ékonomi.
"Alesan wong-wong kuwé nglakoni aksi kejahatan maning soalé alesan ékonomi," jelasé.
Sadawanéng taun 2020, Rony nglanjutna, kasus kejahatan luwih akehé kejahatan konvensional. Kaya nyolong karo kekerasan utawa curas tekan 5 kasus, nyolong karo pemberatan utawa curat seakéh 41 kasus.
ADVERTISEMENT
Latané nggo kasus nyolong motor utawané curanmor tekan 47 kasus. Jumlah kiyé munggah dibandingna nang taun sadurungé sing mung 35 kasus.
Lah, angger nggo kasus sing gawé héboh wong-wong lan bisa diungkap yakuwé kasus wong maténi nang Désa Majalangu, Kecamatan Watukumpul, kasus meres lurah daning wartawan abal-abal. Latané kasus korupsi dana Anggaran Pendapatan dan Belanja Désa (APBDés) lan kasus wong nipu karo modus njanjikna bisa dadi PNS karo tuna tekan Rp4,3 miliar.
"Dadi kasus kiyé munggah, yakuwé ana 28 kasus kejahatan transnasional. Jumlah kuwé luwih akéh dibandingna taun sadurungé sing mung ana 21 kasus," ungkapé.
Ronny ngungkapna nggo kasus berédaré narkoba uga munggah segedhé 33 persén dibandingna taun sadurungé. Saiki tekan 28 kasus narkoba sing bisa diungkap karo jumlah tersangka 35 wong. Lah, annger nggo taun 2019, ana 21 kasus.
ADVERTISEMENT
"Jumlah tersangka kasus narkoba munggah ana 46 % seka taun sadurungé. Senajan munggah, kiyé nudukna dhéwék ari dhéwék temenanan wayah mbrantas narkoba," jaréné.
Senajan kasusé munggah, Kapolrés Pemalang ngomong, wis nglakoni pirang-pirang upaya preventif karo ningkatna kegiatan patroli nggo nyiuti ruang gerak pelaku kejahatan. Patroli dilakoni daning Polrés lan Polsék jajaran Polrés Pemalang, nganggo cara rutin nang daérah rawan kriminalitas lan objék vital.
"Saliyané kuwé, dhéwék uga njalin kemitraan karo tokoh masarakat lan tokoh pemuda metung kegiatan mas Japling, yakuwé sambang jagongan tilik poskamling nggo ningkatna partisipasi masarakat wayah meték angka kriminalitas nang wilayah Kabupatén Pemalang," pungkasé. (*)