news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Kasus Pencabulan Akéh nang Brebes, Siap-siap Pelakuné Pan Diukum Kebiri Kimia

Konten Media Partner
22 Januari 2021 21:31 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kepala Séksi (Kasi) Pidana Umum (Pidum) Kejari Brebes, Andhy Hermawan Bolifar, dina Kemis (21/1/2021). (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Kepala Séksi (Kasi) Pidana Umum (Pidum) Kejari Brebes, Andhy Hermawan Bolifar, dina Kemis (21/1/2021). (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES — Kasus pencabulan maring bocah cilik akéh kedadénan nang Brebes akhir akhir kiyé. Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes nyatét, setaun terakhir, ada 12 kasus pencabulan maring bocah cilik sing wis disidang nang Pengadilan Negeri (PN).
ADVERTISEMENT
Kepala Séksi (Kasi) Pidana Umum (Pidum) Kejari Brebes, Andhy Hermawan Bolifar, ngomong, dhéwéké siap nuntut terdakwa pelaku tukang nyucusi bocah karo ukuman sing abot utawa maksimal. Salah sijine ukuman kebiri kimia. Soalé, kelakuan badeg kuwé ngresahna masarakat.
"Komitmené dhéwék jelas, terdakwa pelaku pelécéhan séksual kaya nyucusi bocah utawaha nyabuli bocah, dhéwék tuntut abot lan termasuk tambahan ukuman," omongé Kepala Séksi (Kasi) Pidana Umum (Pidum) Kejari Brebes, Andhy Hermawan Bolifar, dina Kemis (21/1/2021).
Neng kurun sataun mburi-mburinan, dhéwéké nglanjutna, rolas perkara sing wis disidangkan nang Pengadilan Negeri (PN) Brebes. Kabéh terdakwa perkara kuwé divonis maksimal ngantikan nembelas taun kurungan penjara.
"Sesuai karo aturan perundangan sing kanggo, ukuman maksimal pelaku tukang nyucusi bocah limalas taun kurungan penjara, tapi dhéwék tambahi tuntutan dadi nembelas taun penjara. Kiyé wis kedadén putusan hakim kekait perkara nyucus maring bocah," omongé.
ADVERTISEMENT
Andhy nyebut, ukuman maksimal utawa abot karo tambahan kuwé ébén pelakuné pada kapok. Dadiné, kelakuané ora dilakoni maning mbésuk-mbésuk. Apamaning, sawisé kanggoné Aturan Pemerintah Nomer 70 Taun 2020 ngenani Tata Cara Pelaksanaan dan Tindakan Kebiri Kimia, Pemasangan Alat Pendetéksi Élektronik, Réhabilitasi, dan Pengumuman Idéntitas Pelaku Kekerasan Séksual Terhadap Anak sing diterbitna nang tanggal 7 Désember wingi kuwé, bisa mékena ukuman maring pelaku tukang cucus lan kekerasan séksual maring bocah karo tindakan kebiri kimia.
"Angger pancén kebukti lan menuhi unsur neng PP kuwé, pelaku sing nyucusi bocah, ukumané kebiri kimia, dipasangi pendetéksi éléktronik ngantikan diumumna nang média massa," tegasé.
Dhéwéké nerangna, tindakan kebiri kimia dijelasna dadi wéinan zat kimia metung penyuntikan utawa metode séjén sing dilakoni maring pelaku sing pernah dipidana. Hal kuwé dilakoni soalé pelaku nglakoni kekerasan utawa anceman kekerasan maksa bocah nglakoni cucus-cucusan karo dhéwéké utawa wong liya.
ADVERTISEMENT
"Kebiri bisa diwékena angger akibaté yakuwé nimbulna korban luwih sing sa wong, luka abot, gangguan jiwa, penyakit nular, keganggu utawa ilangé fungsi réproduksi, lan/utawa korban ninggal dunya. Kiyé termasuk nggo meték hasrat séksual keluwihen, sing dipéloni réhabilitasi," ungkapé.
Nang sisi liya, tindakan kebiri kimia maring tukang nyucus, dilaksanakna nganggo dasar putusan pengadilan sing wis nduwéni kekuatan hukum tetep. "Nggo ukuman tindakan dipasangé alat pendetéksi éléktronik lan réhabilitasi sing dikenakna maring pelaku tukang nyucus. Tapi, pelaksanaan putusan pengadilan kuwé, kebiri, pendetéksi éléktronik, utawané réhabilitasi, dilaksanakna sawisé pelaku nglakoni ukuman kurungan pidanané lan jaksa koordinasi karo pihak kekait," jelasé.
Tapi kaya kuwé, ukuman kebiri kimia, dipasanginé pendetéksi éléktronik ngantikan diumumnané idéntitas pelaku nganggo cara kebuka ora bisa dilaksanakna angger pelaku ésih bocah nang ngingsor umur.
ADVERTISEMENT
"Dadi, diterbitnané PP kuwé yakuwé salah siji cara nggo ngatasi kekerasan séksual maring bocah, méin éfék kapok maring pelaku, lan nyegah kedadéné kekerasan séksual maring bocah," pungkasé. (*)