Kerén! Wong Tegal Kiyé Bisa Gawé Paving Blok Seka Runtah Plastik

Konten Media Partner
22 Mei 2021 22:04 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga Désa Jatilaba, Kecamatan Margasari, Subekhi (41), nduwé inisiatif nyulap runtah plastik dadi paving blok.
zoom-in-whitePerbesar
Warga Désa Jatilaba, Kecamatan Margasari, Subekhi (41), nduwé inisiatif nyulap runtah plastik dadi paving blok.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Warga Désa Jatilaba, Kecamatan Margasari, Subekhi (41), nduwé inisiatif nyulap runtah plastik dadi paving blok. Ide kuwé nongol wayah dhéwéké nemu akéh umbukan runtah nang pinggir dalan sing dianggepé ora nyaman.
ADVERTISEMENT
"Nyong prihatin lan gelisah wayah ana tumpukan runtah nang pirang-pirang titik. Apamaning sing nang pinggir dalan soalé nganggu pemandangan. Dadi, seka kana nyong kepéngin méin sumbangsih, milih runtah plastik lan digawé dadi paving blok," omong Subekhi nang siaran pérs sing ditampa PanturaPost, dina Jemuah (21/5/2021).
Lah, bahan-bahan baku utama nggo gawé paving blok kiyé yakuwé runtah plastik wutuh, oli bekas lan awu hasil obongan runtah plastik. Subekhi ya olih bahan plastik kiyé seka runtah warga nang sekitaran Désa Jatilaba.
"Nggal dina dhéwék ider kampung nggo njukut runtah plastik seka tong sing wis nyong sediakna khusus nggo warga," jelasé.
Soalé prosés gawéné ésih nggunakna sistem manual, namg sadinaé Subekhi nembé bisa mroduksi rong méter paving blok. Saben sa meter kebagi seka 36 paving blok.
Proses pembuatan paving blok dari sampah plastik.
"Dodolané ésih lokalan nang sekitar désa baé. Kuwéya durung sakebeké bisa dikebeki soalé kewates nang tenaga menungsa lan kendala perlengkapan. Sa meter pesagi paving blok kiyé dhéwék adol Rp 75 éwu," terangé.
ADVERTISEMENT
Saliyané ngrubah runtah plastik dadi paving blok, Subekhi uga manfaatna limbah runtah organik nggo nggawé pupuk kompos. Sa kilo pupuk kompos, dhéwéké bandrol saregan séwu perak.
Subekhi ngarep-arep, ide kréatifé kiyé bisa ditiru utawa malah dikembangna warga liyané. Luwih-luwih persoalan runtah kiyé jaréné selot kompléks lan pengelolaan sabeneré dadi tanggung jawab bareng.
"Hayuh, pada-pada dhéwék urai masalah runtah kiyé. Kurangi produksiné karo ngelola runtah nganggo cara sing bener. Saben wong duwé tanggung jawab padha soal runtah kiyé, aja kosih diguwang semblotongan. Syukur-syukur bisa dikelola seka umahé dhéwék-dhéwék. Runtah organik bisa dadi pupuk kompos lan runtah plastik bisa didaur ulang," pungkasé. (*)