KPw BI Tegal Mein Kesempatan Warga Ngijoli Duwit Anyar Pecahan Rp 75 Éwu

Konten Media Partner
21 April 2021 21:09 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kepala Kantor Perwakilan Bank Indonesia (KPw BI) Tegal, Taufik Amrozy wayah konferensi pérs nang Hotél Primebiz Tegal, dina Slasa (20/4/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Kepala Kantor Perwakilan Bank Indonesia (KPw BI) Tegal, Taufik Amrozy wayah konferensi pérs nang Hotél Primebiz Tegal, dina Slasa (20/4/2021).
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kepala Kantor Perwakilan Bank Indonesia (KPw BI) Tegal, Taufik Amrozy ngomong, wong-wong bisa ngijoli duwit pecahan Rp 75 éwu nggo kebutuhan Badanan 2021. Neng sadinané, wong-wong bisa ngijolna ngantikan 100 lembar duwit sing dikenal karo Uang Peringatan Kemerdékaan (UPK) 75 Tahun Republik Indonesia.
ADVERTISEMENT
"BI mbuka kesempatan nggo masarakat olihna UPK 75 Taun RI, metung penukaran nang sakabéhanéng kantor BI lan jaringan kantor bank," omongé Taufik wayah konferensi pérs nang Hotél Primebiz Tegal, dina Slasa (20/4/2021).
Taufik ngomong, UPK 75 Taun RI bisa dienggo nggo nglakokna transaksi lan bagi-bagi sasuwénéng periode Ramadan. Angger sadurungé 1 KTP mung bisa nggo ngijoli selembar saiki laka batesé. "Masarakat olih ngijoli nggunakna 1 KTP nggo maksimal 100 lembar UPK 75 Taun RI nggal dinané lan bisa dibaléni nang dina saterusé," terangé.
Taufik ngejak masarakat nggo terusan ngenali ciri-ciri keaslinan rupiah lan ngrawat duwit rupiah dadi bentuk cinta rupiah.
"Njaga rupiah sing yakuwé simbol kedaulatan negara dadi bentuk bangga rupiah, lan ngenal fungsi rupiah neng kontéks nyurung aktivitas perékonomian dadi bentuk paham rupiah," jaréné.
ADVERTISEMENT
Sadurungé, KPw BI Tegal uga wis nyiapna duwit tunai segédhé Rp 2,95 triliun nggo kebutuhan nang periode Ramadan lan Idul Fitri taun 2021. Kebutuhan duwit kuwé disiapna nggo disalurna nang wilayah kerja KPw Bank Indonesia Tegal nang wilayah Éks Karesidénan Pekalongan.
Taufik mroyéksikna kebutuhan duwit kartal nang periode Ramadan lan Idul Fitri taun kiyé ngalami peningkatan dibanding taun disit. "Dhéwék nyiapna duwit tunai segédhé Rp 2,95 triliun. Jumlah kuwé ningkat segédhé 13,59 persén) (yoy) dibandingna karo taun sadurungé segédhé Rp2,59 triliun," omongé Taufik.
Taufik ngomong, tersediané kebutuhan duwit tunai kuwé wis merhatikna kondisi asumsi makro ékonomi terkini lan kebijakan pemréntah wayah méin bantuan sosial maring masarakat sing keimbas Corona. (*)
ADVERTISEMENT