Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 ยฉ PT Dynamo Media Network
Version 1.103.0
Konten Media Partner
Kupat Sate Blengong, Panganan Khas Brebes sing Dadi Klangenane Wong Mudik
6 Mei 2022 14:27 WIB
ยท
waktu baca 2 menit
ADVERTISEMENT
BREBES - Wong Brebes sing pada Jakartanan (mbuh nang Bandung, Bogor, Bekasi, pokoke angger arahe ngulon yaa Jakarta), badanan tahun kie Alhamdulillah bisa pada mudik. Kuwe wong mudik sing jelas kangen maring panganan khas Brebes. Salah sijine kupat sate blengong.
ADVERTISEMENT
Nggo awake dewek sing nang kampung tah ndean biasa bae, genah wis weruh nggal dina tur bisa mangan kapan bae. Tapi nggo wong sing pada bawah Jakartanan, mesti pengin nemen mangan kupat sate blengong.
Kupat Sate Blengong pancen sejen karo bangsane kupat sate liane. Sing jelas ana rasa sing gawe sejen. Yen ndeleng kupate tah pada, tapi satene sing sejen. Sindik satene dawa, ukurane rong sindik sate ayam. Daginge, duduhe kro sambele bisa kentel nemen, pokoke nikmat.
Nah, wayah badanan kie, warung sate blengong katon rame. Akeh wong sing pada mudik terus pan balik merantau, pada mampir. Salah sijine warung sate blengong Pak Kasturi Rajak sing ana nang komplek Islamic Center ngalor pas prapatan.
ADVERTISEMENT
Pas mbeneri manjing warung, kayong pan njagong be angel, sesek nemen pokoke, sing antri pan mangan akeh nemen. Sing jelas kwe pada teka mobilan kabeh. Tandane pemudik sing pada kangen maring sate blengong. Bahasane be Plat-B kabeh.
Ora mung sekedar pada ngrusmen, jebule sing mbungkus be akeh. Jare tah nggo oleh-oleh nang Jakarta. Mbuh dipangan nang ndalan.
Jare wong Brebes sing ngrantau nang Jakarta, Reni (45) deweke mesti mampir mangan sate blengong pendak balik kampung.
"Saya suka karena sate blengong disajikan dengan ketupat guyuran kua santan kental dan sambel pedas yang memiliki cita rasa lebih kenyal dan empuk. Apalagi tusukan satenya yang panjang menambah daya tarik tersendiri," ujare Reni nganggo bahasa Indonesia
ADVERTISEMENT
Sing duwe warung sate blengong arane Anwar (34) kuwe generasi ketiga, putune Pak Kasturi Rajak. Jarene badanan kie warunge rame daning wong mudik sing kangen kupat satene.
"Badanan kie Alhamdulillah rame dibandingna dina biasa. Angger dina biasa paling nggorok blengong 9 iji, kie saiki nganti 12 iji. Warung tutupe ya madan cepet solae akeh sing tuku," jare Anwar.
Regane panganan khas kie ora larang, melune murah nemen. Sate blengong sa sindik didol wolungewu, yen kupate sa mangkok pitungewu.
Sing jelas kuliner kupat sate blengong khas Brebes kie dadi primadona wayah badanan. Ora mung nang Prapatan Rajak Islamic tok, sing dagang kupat sate blengong wis poret, contoe nang Alun-alun Brebes. (*)
ADVERTISEMENT