Laéli, Pelaku sing Korbané Dicacag-cacag Jebulé Terkenalé Dadi Bocah sing Pinter

Konten Media Partner
20 September 2020 14:52 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Mbokéné Laéli, Masliha
zoom-in-whitePerbesar
Mbokéné Laéli, Masliha
ADVERTISEMENT
TEGAL — Cah wadon seka Lebaksiu, Kabupatén Tegal, Laéli Atik Supriyatin (26), salah siji pelaku sing korbané dicacag-cacag nang Kalibata City, Jakarta jebulé terkenalé dadi bocah sing pinter. Wayah sekola SMP lan SMA, Laeli juara kelas terus.
ADVERTISEMENT
Informasi kuwé disampékna daning mbokéné Laéli, Masliha. Jaréné, anak ke papat seka pitu saduluran kuwé sajegé SMP wis duwé cita-cita nggo kuliah nang UI. "Pas kuwé nyong mojar ora duwé duwit nggo biaya kuliah," omongé Masliha wayah ditemoni Panturapost, dina Saptu (19/9/2020).
Merga wong tuwané ora mampu, Laeli luruh peluang beasiswa Bidik Misi nggo manjing maring UI. "Alhamdulillah akhiré bisa. Dhéwéké manjing kampus sing dikarepiné," jaré Masliha.
Weruh latar belakangé Laeli, Masliha yakin anaké ora sakebeke melu nang kasus mutilasi kuwé. Masliha yakin, Laeli mung kepengaruh daning sing lanangé.
"Dhéwék yakin Laeli kuwé anu kegawa sing lanangé, mugané wani maténi korban. Angger kluwarga, krungu-krungu Laeli kuwé wis kawinan siri. Dhéwék uga krungu kaya kuwé," jaréné.
ADVERTISEMENT
Kaya sing dibritakna, Laeli bareng karo sing lanangé, Djumadil Al Fajri (26) kolu maténi Rinaldi Harley Wismanu (32) karo cara dicacag-cacag awaké.
Anané peristiwa kuwé, Masliha mung bisa pasrah lan belih bisa nglakoni apa-apa. Dhéwéké ya njaluk penegak hukum ngénténgna ukumané.
"Dhéwék mung bisa tabah lan kuwat. Wingi ya batir-batiré Laeli pada dolan mene lan mojar ora ngandel yen Laeli nglakoni kaya kuwé," ungkapé. (*)