Lagi Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes, Bocah 16 Taun Dibacok Bégal

Konten Media Partner
16 Mei 2022 19:45 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bocah Brebes ing dibegal wayah joging nang fly over lagi ditangani petugas sebabe tangane luka kena bacokan celurit.
zoom-in-whitePerbesar
Bocah Brebes ing dibegal wayah joging nang fly over lagi ditangani petugas sebabe tangane luka kena bacokan celurit.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES — Komplotan bégal ngaksi nang wilayah Kecamatan Kersana Kabupatén Brebes, dina Ahad (15/5) ésuk, sekitar jam enem kurang sepuluh menit. Ana bocah enom sing inisialé SA (16) warga Désa Tanjung dadi korbané pas lagi olahraga joging nang fly over tol Pejagan — Pemalang nang Désa Kemukten Kecamatan Kersana.
ADVERTISEMENT
Kapolsek AKP Suratman metung Kanit Reskrim Aipda Lilik Afriyanto pas dikonfirmasi ngiyakna anané kedadénan bocah dibégal kuwé.
Jaré Lilik, sadurungé kedadénan sekitar jam lima ésuk, korban lagi joging seka arah kidul Kersana nuju maring arah lor Tanjung.
"Ésuk kuwé, pas lagi ana nang ndhuwur fly over Tol Pejagaan — Pemalang, Désa Kemukten Kecamatan Kersana, korban ujug-ujug diandeg daning wong enem sing ora dikenal nggunakna motor matic telu," jaré Lilik Afriyanto.
Salah siji pelaku latané ngongkon korban nggo nyerahna HaPé sing digawané. Gara-gara korban nolak, jaré Lilik, salah siji pelaku seka komplotan bégal nacak nyabetna clurit maring arah korban.
"Untungé korban bisa nangkis lan gemboran njaluk tulung. Warga sing pada teka akhiré nggawe komplotan bégal kiyé langsung mlayu maring arah kidul," omongé.
ADVERTISEMENT
Senajan bisa nylametna HaPéné seka komplotan bégal, tapi korban ngalami luka neng bagian jentiké gara-gara nangkis clurit ngantikan kudu nglakoni rawatjalan nang Puskesmas Tanjung.
"Anané kedadénan kuwé, dhéwék ésih nglakoni penyelidikan. Dhéwék ngandani maring warga nggo luwih ngati-ati nggawa HaPé pas lagi ana nang tempat umum, utamané nang gili gedhé," pungkasé. (*)