Libur Taun Baru, Kabéh Tempat Wisata nang Kabupaten Tegal Pan Ditutup

Konten Media Partner
25 Desember 2020 19:56 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pintu gerbang objek wisata Guci, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Pintu gerbang objek wisata Guci, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
ENGGAL taun baru 2021, tempat plesiran utawa obyek wisata sing ana nang Kabupatén Tegal sementara pan ditutup. Termasuk wisata pemandian air panas Guci. Ditutupé obyek wisata kuwé tujuané nggo ngadohi rumbengan lan ramé-ramé nang taun baru soalé ésih pageblug Corona.
ADVERTISEMENT
"Informasi sing dhéwék olih, énggal taun baru, wisata sing ana nang Kabupatén Tegal pan ditutup sementara, yakuwé wisata désa, wisata sing dikelola Bumdes, swasta lan pemréntah," tuturé Kepala Dinas Pariwisata, Pemuda, dan Olahraga Kab. Tegal, Saidno maring PanturaPost, dina Kemis (24/12/2020).
Rencanané, nurut dhéwéké, penutupan nang tanggal 30/31 Désember 2020 lan 1 Januari 2021. Hal kuwé sesuai karo putusan Bupati Tegal sing didukung Forkompinda. "Kuwé info sing dhéwék olih kaya kuwé. Surat édarané, rencana dina Senén. Soalé dina kiyé manjing dina préi. Dadi durung diprosés," jaréné.
Sementara kuwé, Kepala Unit Pelaksana Teknis Daérah (UPTD) Guci, Ahmad Abdul Khasib ngomong, enggal préi Natal lan taun baru, Guci wis mbentuk posko karo kerja sama puskesmas Kecamatan Bojong lan Bumijawa, Polri, TNI uga élemén liyané.
ADVERTISEMENT
"Kaya nang dina kiyé, dhéwék uga wis ngedumna masker nggo pengunjung sing ora nganggo masker. Dhéwék wis nyediakna 1000 masker nggo pengujung sing ora nganggo masker," ungkapé.
Ngenani informasi enggal taun baru, wisata pan ditutup, Khasib mbenerna hal kuwé. "Info sing dhéwék olih kaya kuwé. Nang tanggal 30 soré, tanggal 31 Désember 2020 lan 1 Januari 2021 pan ditutup. Tapi, teknisé kayang apa, dhéwék ésih ngenténi surat édaran sek pemrentah daérah Kabupatén Tegal," jaréné.
Angger surat édaran Bupati Tegal wis mudun, pihaké pan nyosialisasikna maring sakabéhanéng pengelola wisata sing ana nang Guci kaya hotel, penginepan, villa lan liyané. (*)