Limalas Seniman Tegal pada Nglukis Pemandangan nang Alas Pinus Jalur Guci

Konten Media Partner
21 September 2020 20:58 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Seniman lukis sing nang dina Minggu (20/9/2020) nganakna kegiatan nglukis nang kawasan alas pinus jalur Permadi, Désa Guci Kecamatan Bumijawa Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Seniman lukis sing nang dina Minggu (20/9/2020) nganakna kegiatan nglukis nang kawasan alas pinus jalur Permadi, Désa Guci Kecamatan Bumijawa Kabupatén Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
CUACA nang kawasan alas pinus jalur Permadi, Désa Guci Kecamatan Bumijawa Kabupatén Tegal katon cerah nemen. Krungu suwara godong pinus kesreok barat gedhé. Udara semriwing selot nggawé kepenak kabéh seniman lukis sing nang dina Minggu (20/9/2020) nganakna kegiatan nglukis nang kawasan kuwé.
ADVERTISEMENT
Seakeh 15 pelukis pada sibuk njlaritna kuas nang ndhuwur kanvas. Wong-wong kuwé pada nglukis pemandangan alam sikil Gunung Slamet.
"Nggo ngirup udara sing seger nang wayah pandemi kaya saiki kiyé, dhéwék anakna nglukis bareng nang alam kebuka," tuturé Ketua Sanggar Putik, Muhamad Fahruri maring panturapost, dina Minggu (20/9/2020) .
Fahruri, sing nduwéni aran nang jero karyané, Faong, ngungkapna, acara kuwé uga nggo rangka meringati dina dadi Sanggar Putik ke-21, sing dikintili sacuilé 30 pelukis.
"Acara dhéwék susun karo nglukis nang alam bebas lan tema nglukis alam. Kebeneran target lukisan kiyé curug kali mini Permadi Jungle sing dikubengi alas pinus," ungkapé.
"Nglukis nang alam bebas kiyé asyik lan menarik. Biasané seniman-seniman kuwé nglukis nang umah. Nah dina kiyé nang ruang kebuka karo suhu atis wayah enggal soré," tambahé.
ADVERTISEMENT
Jare dhéwéké, Sanggar Putik medek umur nomnoman. Lan diarep-arep tetep eksis. Senajan anggotané uga pada duwéni kesibukan dhéwék-dhéwék. Kaya repot nang dunia pendidikan utawa dadi guru, tukang rakit pit modif lan akéh liyané.
"Acara kiyé nggawé seniman kehibur. Sa sisi bisa preinan ngejak kluwarga, wayah nglukis uga bisa ngasoh sadelat lan ngnikmati grujugan mini Permadi Jungle. Katon pada nglukis seka esuk nganti sore ya betah nang lokasiné dhéwék-dhéwék. Anggota pada nglukis karo tenang lan sante. Uga ana sing nglukis nang watu kali utawa aliran kali," jaréné. (*)