Lurah nang Brebes Ditemukna Lagi Kendat, Warga Pada Heboh

Konten Media Partner
19 Desember 2020 19:16 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi gantung diri. (Foto: Pixabay)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi gantung diri. (Foto: Pixabay)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES — Lurah Désa Pamulihan, Kecamatan Larangan, Kabupatén Brebes, Tasrudin, ditemukna ninggal kendat, dina Jemuah, 18 Désember 2020. Kedadénan kuwé gawe héboh warga désa nang kono.
ADVERTISEMENT
Peristiwa kuwé mbené dingerténi, bojoné korban nang dina Jemuah subuh ésuk sekitar jam tengah lima. Padahal, mbenginé korban sempet njagong ngopi lan ndopok bareng karo warga.
"Ya pancén bener kedadénan kuwé, anggota olih laporan seka masarakaté dhéwék ésuk mau wis nang TKP. Wayah ditemukna kluwarga, kondisi korban wis ninggal dunya," omongé Kapolsék Larangan AKP Sutikno.
Dhéwéké nambahi, korban sempet diperiksa daning tim dokter puskesmas. "Nang jasad korban ana luka nang nggon gulu," jaré Sutikno.
Ora let suwé, daning kluwarga korban jasadé langsung dikubur nang TPU désa kononé. "Kluwarga wis nrima blai sing dialami korban. Nggo selanjuté langsung dikubur daning pihak kluwarga," ungkapé.
Lah, nggo motif seka aksi bunuh diri kuwé, polisi ésih nglakoni penyelidikan. Kepolisian ésih ngumpulna keterangan seka pihak kluwarga lan tangga korban. (*)
ADVERTISEMENT