Mahasiswa Tegal Ana-ana Bae, Wisuda Online Nyambi Mancing Iwak

Konten Media Partner
17 Oktober 2020 22:16 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Istiqlal Fauzan Hidayat, mahasiswa jurusan D3 Teknik komputer Politeknik Harapan Bersama Tegal wisuda karo mancing iwak nang ranggon. (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Istiqlal Fauzan Hidayat, mahasiswa jurusan D3 Teknik komputer Politeknik Harapan Bersama Tegal wisuda karo mancing iwak nang ranggon. (Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
WISUDA dadi momen sing penting lan sakral nggo ngepolna masa kuliah. Sawisé taun-taunan nang padung kuliah, momen wisuda dienténi nemen.
ADVERTISEMENT
Tapi wayah pageblug Corona kaya saiki kiyé, akéh sekola lan perguruan tinggi sing mung nylenggarakna wisuda nganggo cara virtual utawa onlen. Lan soalé onlén, sing diwisuda bisa ana nang éndi baé.
Kaya sing dilakoni Istiqlal Fauzan Hidayat, mahasiswa jurusan D3 Teknik komputer Politeknik Harapan Bersama Kota Tegal. Fauzan nglakoni wisuda onlén nang tempat pemancingan sing ana nang wilayah muara Sigempol, Brebes, dina Rebo (14/10/2020).
"Iya, nyong wisuda onlén nang tempat pemacingan. Posisiné nang ndhuwur tengah muara, utawa njagong nang powotan pring utawa ranggon/gubug tempat nggo macing," tuturé wayah dibell daning panturapost.com, dina Jemuah (16/10/2020).
Dhéwéké nyritakna, awalé bengi sadurungé wisuda, sadulur-saduluré dolan maring umahé nang Désa Balamoa, Pangkah, Kab. Tegal. Lan ngejaki mancing nang muara Sigempol Brebes.
ADVERTISEMENT
"Nyong mojar ngesuk pan wisuda, terus sadulur-saduluré pada mojar, emang wisudané piben, onlén kan, iya. Iya uwis wisuda nang ranggon (gubug tempat mancing) baé, soalé onlen uga," jaréné.
Akhiré dhéwéké melu ejakan mancing. Kebeneran dhéwéké uga lagi seneng mancing akhir-akhir kiyé.
"Nang saminggu bisa ping telu mancing. Pas wektu kuwé, dhéwék mangkat seka umah jam enem anjog si Gempol jam pitu luwih. Lan pas jam 8 anjog jam 10, nyong nglakoni wisuda nang kono."
Sadurungé mangkat mancing, Fauzan wis nyiapna klambi, toga lan liyane nggo persiapan wisuda. Énggal wisuda, dhéwéké ésih sempet macing.
"Mugané pas lagi diwisuda nyong lagi nyekel pancingan. Pas lagi wisuda tanggal 14 Oktober wingi, kebeneran nyong uga ulang taun. Dadi nyong uga pengin happy-happy lan kebeneran laka pegawéan," tuturé dhéwéké.
ADVERTISEMENT
Pas dhéwéké nglakoni wisuda onlén, sadulur-saduluré mékena ucapan slamet nyambi sibuk mancing dhéwék-dhéwék. "Yah seneng. Campur aduk pokoké." (*)