Malem Taun Baru Wisata Guci Tegal Ditutup, Tapi sing Pesen Hotel Olih Manjing

Konten Media Partner
31 Desember 2020 19:13 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pintu gerbang Objek Wisata Guci, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Pintu gerbang Objek Wisata Guci, Kabupaten Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kabeh tempat wisata nang Kabupaten Tegal wayah malem Taun Baru ora buka alias tutup. Salah sijiné Objék Wisata Pemandian Air Panas Guci. Tapi kaya kuwé, pengunjung sing wis kadung wekas hotél utawa villa tetep diolihna manjing.
ADVERTISEMENT
Kepala UPTD Obyék Wisata Guci Bumijawa, Achmad Abdul Khasib ngomong, penutupan Guci mung kanggo nang bengi. Nang tanggal 30 Désember jam lima soré nganti tanggal 31 Désember jam enem ésuk pan ditutup. Latané nang tanggal 31 Désember 2020 jam lima nganti jam enem ésuk tanggal 1 Januari 2021 uga ditutup.
"Tapi, pengunjung sing wis pesen hotel olih manjing asal nudukna bukti angger wis pesen hotél," jaréné, dina Rebo (30/12/2020).
Saliyané kuwé, Khasib nglanjutna, pas wis manjing aréa Objek Wisata Guci, pengunjung tetep ana nang hotél utawaha villa lan ora diolihna nganakna kegiatan sing bisa ngundang rumbengan.
Saliyané kuwé, waktu ana pengunjung Guci sing wis manjing nang awan, dadiné benginé ora pan dikongkon lunga.
ADVERTISEMENT
"Angger ana pengunjung sing pan manjing maring Guci nang bengi, dhéwék penging. Soalé wis ditutup. Jabah angger ésuk, awan lan soré, loket buka," ungkapé.
Senajan nang awan dibuka, jumlah pengunjung tetep pan diwatesi. Maksimal pengunjung 3.000 wong. Angger luwih seka kuwé, dadiné loket pan ditutup sasuwénéng 1 jam. Ngénténi pengunjung sing neng njero kawasan wisata, balik utawa metu seka loket. Tujuané, nggo ngindangi kedadéné rumbengan wong-wong.
"Pengunjung kudu nerapna protokol keséhatan," imbuhé.
Kepala Dinas Pemuda Olahraga dan Pariwisata (Porpar) Kabupatén Tegal, Saidno, ngomong, penutupan uga kanggo nggo sakabéhanéng tempat wisata. Hal kuwé ndasari Surat Édaran (SE) Bupati Tegal Nomer 4971 ngenani protokol keséhatan perjalanan orang selama libur Hari Raya Natal dan Tahun Baru 2021 dalam masa pandemi COVID-19.
ADVERTISEMENT
"Angger bengi tutup. Tapi ésuké buka maning," jelasé. (*)