Mantri Bank nang Brebes Dicekel Polisi Gara-gara Kenang Kasus Krédit Fiktif

Konten Media Partner
15 Oktober 2021 19:58 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
 Oknum karyawan bank BUMN sing inisialé ACN dicekel gara-gara kasus kredit fiktif. (dok. panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Oknum karyawan bank BUMN sing inisialé ACN dicekel gara-gara kasus kredit fiktif. (dok. panturapost.com)
ADVERTISEMENT
BREBES — Penyidik Pidana Khusus Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes nangkep oknum karyawan bank BUMN sing inisialé ACN. ACN dingerténi mélu kasus krédit fiktif nang bank BUMN karo nilé tunai luwih seka Rp 2,9 milliar luwih.
ADVERTISEMENT
Cah enom umur 32 taun sing tugasé dadi account officer (petugas krédit) kuwé dinyana nggawé data nasabah fiktif nggo ngemplang dana seka Bank sing plat abang kuwé.
Kepala Kejari Brebes Mernawati ngomong, ACN ditangkep pas lagi dina Kemis (14/10/2021) sekitar jam siji awan. Kejari langsung netepna ACN dadi tersangka kasus korupsi dugaan nggawéni data nasabah fiktif.
"Sawisé dhéwék tetapna dadi tersangka, ACN dina kiyé langsung dhéwék tahan. Nggo sementara ACN dititipna nang tahanan Lapas Brebes," omongé Mernawati didampingi daning Kasipidsus Naseh lan Kasiintel Dha'wan.
Dhéwéké nerangna, ACN nglakokna dugaan tindak pidana korupsi wayah méin pinjaman utawa krédit fiktif période taun 2018 ngantikan 2019 nang bank BUMN nang kota bawang.
"Pelaku ACN kiye dadi petugas mantri krédit lan simpenan. Modus tersangka nyetujuni krédit fiktif sing seakan-akan diajukna nasabah. Nggo pengajuan krédit fiktif seakéh 115 rékening nasabah," jelasé.
ADVERTISEMENT
Pelaku, jaré Kajari, malsukna data nasabah ébén bisa mrosés pinjaman krédit maring bank BUMN kuwé. Malah, penyidik wis nglakoni pemeriksaan saksi lan ahli seakéh 35 wong.
"Duwit pinjaman krédit kuwé dinyana dinikmati daning ACN karo total Rp 2,93 milliar. Kasus kiyé ésih terus dhéwék kembangna luwih lanjut apa ana pihak utawa tersangka liyané sing mélu bertanggungjawab karo tindak pidana korupsi kuwé," ungkapé.
Mernawati negasna pelaku ACN disangka karo pasal 2 ayat 1 juncto pasal 18 UURI no 20 taun 2001 tentang perubahan atas UURI no 31 taun 1999 tentang tindak pidana korupsi.
Kajari nyatakna, tersangka ACN ditahan daning penyidik merga dikuwatirna tersangka minggat. Saliyané kuwé dikuwatirna tersangka ngilangna utawa mbodholna barang bukti lan tersangka mbaléni tindak pidana.
ADVERTISEMENT
"Berkas perkara kiyé gagiyan dhéwék limpahna nggo gagiyan disidangna daning Pengadilan Tindak Pidana Korupsi nang Semarang," pungkasé. (*)