Maténi Batiré Dhéwék, Bocah Dalanan nang Brebes Diancem 15 Taun Penjara

Konten Media Partner
17 Oktober 2020 16:05 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Polisi menunjukkan barang bukti kasus oenganiayaan yang menyebabkan kematian anak jalanan di Brebes. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Polisi menunjukkan barang bukti kasus oenganiayaan yang menyebabkan kematian anak jalanan di Brebes. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES — 7 bocah dalanan utawa bocah punk ditangkep polisi Brebes winginané. Gara-garané, bocah-bocah kuwé ngropok kancane dhéwék nganti mati pas awal bulan Oktober kiye tanggal 6. Ora mung dikantemi, korban uga di kepruk nggo watu.
ADVERTISEMENT
Korban arané Putra Dewa (19) warga Kecamatan Comal, Kabupatén Pemalang. Sawisé dikantemi, mayidé korban digawa pelaku nganggo motor lan diguwang nang kali sing ana nang wilayah Luwunggedé, Kecamatan Tanjung, Kabupatén Brebes.
Gara-gara kelakuané, bocah-bocah kuwé dijiret pasal 338 KUHP ngenani pembunuhan. Latané pasal 170 ayat (3) KUHP ngenani penganiayaan sing nggawe wong liya mati. Bocah-bocah keancem kurungan penjara maksimal 15 taun.
Kapolrés Brebes, Gatot Yulianto nyebut, ana pirang barang bukti sing bisa diamana. Nang antarané, loro gasper selongsong pelor, HaPé siji, motor siji lan pirang klambi karo jaket.
"Motifé masalah asmara, pelaku nganggep korban sokan nggodani taroké salah siji pelaku sing padha-padha bocah dalanan. Bocah-bocah kuwé ngropok korban lan dikantem nang nggon endasé ngantikan sikilé," jaré Gatot Yulianto.
ADVERTISEMENT
Sadurungé 7 pelaku liyané wis dicekel nang wilayah Brebes, Kota Tegal, lan nang wilayah Cirebon, Jawa Barat.
"Pelaku dhéwék cekel nang pirang lokasi sing sejen, nang wilayah Brebes, Kota Tegal lan Cirebon," jaré Kanit I Satreskrim Polres Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono.
Lah, nggo enem pelaku sing dicekel yakuwé, Yolandi Sutomo warga Losari, Cirebon; Ade warga Ciledug, Cirebon; Aziz warga Gegesik, Cirebon; Arif warga Ketanggungan, Brebes; Agus warga Kersana, Brebes; lan Firsta Yoga Pratama warga Mojokerto, Jawa Timur; lan Victor bocah Medan, Sumatera Utara. (*)