Mbahas Corona, Tim Gugus Tugas Kota Tegal Kumpulan Karo Pepe nang Latar Pendopo

Konten Media Partner
8 April 2020 19:02 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ana sing sejen sing dilakoni Tim Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kota Tegal pas nganakna rapat Slasa (7/4/2020). (Foto: Setyadi)
zoom-in-whitePerbesar
Ana sing sejen sing dilakoni Tim Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kota Tegal pas nganakna rapat Slasa (7/4/2020). (Foto: Setyadi)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Ana sing sejen sing dilakoni Tim Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kota Tegal pas nganakna rapat Slasa (7/4/2020). Kumpulan kuwe, dilakoni mbari pepe nang Latar Pendopo Ki Gede Sebayu, Komplek Bale Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
Peserta kumpulan pada njagong nang jengkok sing dileti sameteran. Tujuane ya nggo ndukung pelaksanaan Physical Distancing utawa njaga jarak awak. Saliyane kuwe, uga nganggo njaga diri seka nyebare virus corona.
Masing-masing Ketua Bidang Gugus Tugas jeroneng kesempatan kuwe maparna progres percepatan penanganan COVID-19 nang adepe Wali Kota Dedy Yon Supriyono sing dadi ketua tim. Teka uga Wakil Wali Kota M. Jumadi lan Sekda Johardi, uga anggota Forum Komunikasi Pimpinan Daerah (Forkopimda) Kota Tegal.
Dedy Yon ngarep-arep, paparan kuwe bisa dadi evaluasi bareng nang hal nangani COVID-19 kiye. Luwih-luwih, pirang-pirang Rumah Sakit nang Kota Tegal kiye dadi rujukan daerah liya nggo nangani pasien COVID-19.
"Langkah cepet kiye anu nyangkut keslametane wong akeh. Mugane, nyong njaluk laka sing ngaitna karo bati lan tuna," jare Dedy.
Ana sing sejen sing dilakoni Tim Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kota Tegal pas nganakna rapat Slasa (7/4/2020). (Foto: Setyadi)
Sawise kuwe, masing-masing anggota Forkopimda nyampekna paparan sing kaitane karo pencegahan COVID-19 lan dampak ditrapnane isolasi wilayah sajege 30 Maret 2020 nang Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwe, Wakil Ketua DPRD Habib Ali Zaenal jeroneng kesempatan kuwe, ngarep-arep ana surat edaran sing Pemkot eben saben sadurunge sembayang subuh lan sawise sembayang magrib nang masjid ana lafalan ayat-ayat suci Alquran nang toa. Kuwe tah mbuh sing diwacakna langsung daning pengurus masjide utawane nggunakna rekaman suwara.
"Kiye nggo nambahi eben jiwane dhewek luwih tenang ngadepi pandemi COVID-19," omonge Habib Ali. (Panji Bachtiar/Setyadi)
----------------------------------------------
kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!