Mbahayani, Pasar Manuk sing Ana nang Dampar Sepur Ditertiba Daning Petugas

Konten Media Partner
25 Juli 2020 22:28 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas Gabungan seka PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 5 Purwokerto, Satpol PP, Polri lan Tentara nertibna pasar manuk sing ana nang sadawané jalur sepur nang Désa Banjaran, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal, dina Kemis (23/7). (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar

ADVERTISEMENT
TEGAL – Petugas Gabungan seka PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 5 Purwokerto, Satpol PP, Polri lan Tentara nertibna pasar manuk sing ana nang sadawané jalur sepur nang Désa Banjaran, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal, dina Kemis (23/7). Soale tempat sing pernah dadi Stasiun Banjaran kuwé mbahayani, esih dilewati sepur.
ADVERTISEMENT
Manager Humas PT KAI Daop 5 Purwokerto, Supriyanto, ngomong, nggal dina Jemuah, lokasi kuwé dadi pasar manuk dadakan sing dikebeki éwonan. Nang kono akéh wong adol tuku manuk kicauan. Mugané nrawasna nemen nggo warga sekitar utawané ngganggu kegiatan mlakune sepur.
"Nganggo dasar UU Nomer 23 Taun 2007 ngenani Perkeretaapian, pasal 38 njelasna ngenani peruntukan jalur sepur sing ketutup nggo kepentingan umum," jaréné.
Hal kiyé, Supriyanto nglanjutna, ditegesna jeronéng Pasal 181 ayat (1) sing nyebutna, saben wong dipenging ana nang ruang manfaat jalur sepur, nggéréd, nggerakna, ngesrogna, utawa mindahna barang nang ndhuwur dampar utawa ngliwati jalur sepur, utawa nggunakna jalur sepur nggo kepentingan liya saliyané nggo angkutan sepur.
Angger dilanggar, bisa dipidana penjara paling suwé 3 (telu) wulan utawa denda paling akéh Rp15.000.000,00 (limalas juta perak). "Aturané wis jelas, nggo sing nglanggar bisa dikenani pidana," jelasé.
ADVERTISEMENT
Petugas Gabungan seka PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 5 Purwokerto, Satpol PP, Polri lan Tentara nertibna pasar manuk sing ana nang sadawané jalur sepur nang Désa Banjaran, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal, dina Kemis (23/7). (Foto: Syaifullah)
Supriyanto ngomong, saiki PT KAI molai ngoprasikna pirang-pirang perjalanan KA Penumpang uga KA Barang. Nang Wilayah Daop 5 Purwokerto, wis diliwati seakéh 18 KA jarak adoh utawané menengah, uga 8 KA lokal Prameks. Mbuh kuwé sing mlaku nggal dina utawané mlaku mung dina Jemuah — Saptu — Minggu. Uga 22 perjalanan KA angkutan barang maring pirang-pirang jurusan, sing mlaku nggal dina.
Kepala Satpol PP Kabupatén Tegal, Suharianto, ngomong, pihaké pan ndukung langkah PT KAI. Soale, upaya kuwé nggo keslametan perjalanan KA utawa keslametané masarakat dhéwék.
"Masarakat dipenging nglakokna kegiatan apabaé nang sadawané jalur sepur, termasuk dodolan nang jalur sepur," jaréné.
Hal kuwé uga kanggo nang lokasi liyané. Soalé, sakepibén dingerténi, sepur ora bisa dirém lan mandeg ndadak. Mugané bisa mbahayani wong-wong sing pada nglakokna kegiatan nang jalur KA. (*)
ADVERTISEMENT