Melasi, Bocah Brebes sing Kena Tumor Mata Kiyé Ditanganiné Ngenténi BPJS-é Aktif

Konten Media Partner
11 Mei 2022 20:10 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
RK wayah dirawat nang RSUD Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
RK wayah dirawat nang RSUD Brebes.
ADVERTISEMENT
BREBES — Melas nemen nasib sing nibani RK. Bocah nem taun kuwé nderita penyakit tumor. Matané selot gedhé sajegé patang wulanan terakhir kiyé. Anak pertama seka pasangan Gunawan lan Tuniroh, warga Dusun Anggamaya Désa Kedungbokor RT 2/6 Kecamatan Larangan Kabupatén Brebes kuwé butuh tindakan médis sing mépéd.
ADVERTISEMENT
Tapi ngantikan saiki dhéwéké durung ngolihna penanganan médis soalé keganjel aktifasi kepesertaan BPJS Keséhatan sing butuh waktu 14 dina.
Gunawan (34) sing nyambut gawé dadi kuli serabutan kiyé ngaku, mbéké bisa ndaftarna anaké dadi peserta BPJS Keséhatan soalé penghasilané ora nentu.
"Soalé ngréngék terus, akhiré digawa maring RS Bhakti Asih. Tapi, langsung dirujuk maring RSUD Brebes soalé durung duwé BPJS Keséhatan. Tapi, anggoné Surat Keterangan Tidak Mampu sajegé dina Saptu (7/5) soré," jaré Gunawan, dina Senén (9/5/2022).
Untungé, jaré Gunawan, prosés gawé SKTM dadi jaminan lawasé dirawat bisa langsung diurus. Mung baé, tindakan médis mbéké bisa dilakoni sawisé 14 dina masa aktifasi kepesertaan BPJS Keséhatan.
Neng sisi liya, nganggo dasar keterangan hasil CT Scan, RK divonis menderita tumor mata. Mugané, pancén mbutuhna tindakan médis nggo penanganan luwih lanjut.
ADVERTISEMENT
"Soalé pegawéané nyong ora tentu, BPJS Keséhatané nyong lan bojoné uga nunggak suwé. Apamaning, anaké nyong nembé kedaftar 6 wulan Mei wingi. Dadi, sistemé kudu ngenténi waktu aktifasi mbéké bisa dienggo," ungkapé.
Jaréné, tumor mata sing diidap daning RK ora tau nimbulna gejala. Sebab, mauné mung ngangluh klilipen pas lagi wulan Februari 2021 wingi. Tapi, sajegé pertengahan wulan Januari 2022 molai tukul bintitan cilik.
Bareng karo mlakuné waktu, bintitan kuwé selot gedhé neng patang wulanan kiyé. Ngantikan neng puncaké, dina Saptu (7/5) RK ngrintih kelaranen merga kelopak matané selot abuh lan langsung priksa maring Rumah Sakit.
Sementara kuwé, Direktur RSUD Brebes Dr dr Rasipin ngomong, sajegé ketekanan pasién RK wis ditangani sesuai karo prosedur nggunakna SKTM. Tapi, kekait rujukan lan penegakan diagnosa nembé rampung dilakoni dina Senén (9/5) ésuk.
ADVERTISEMENT
"Nggo pembiayaan dadi tanggung jawab Dinkes ngéling-éling ditangani nggunakna SKTM," jaré Rasipin.
Sementara kuwé, Kepala Dinkes Brebes metung Kabid Pelayanan Keséhatan Muhtar nambahi, nganggo dasar hasil koordinasi karo RSUD Brebes lan RS Karyadi Semarang. Pasién RK mbéké bisa ditangani 14 dina sawisé aktifasi kepesertaan BPJS Keséhatan kekonfirmasi. Sebab, nang Brebes pancén durung sapenuhé Universal Health Coverage. Mugané, kasus kaya pasién RK wis didaftarna BPJS Keséhatan nganggo cara mandiri.
"Pancén pelayanané uga ésih ngenténi aktifasi 14 dina. Dadi, bisa baé nganggo SKTM tapi mung bisa dienggo sawulan sapisan. Sedengé, peralihan BPJS Keséhatan mandiri maring Penerima Bantuan Iuran uga mbéké bisa dilakoni wulan ngarep," jaré Muhtar. (*)