Moci: Bojo Ketinggalan

Konten Media Partner
7 Agustus 2019 23:08 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi pernikahan. (Thinkstock)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi pernikahan. (Thinkstock)
ADVERTISEMENT
Kiye cerita nyata. Sebut bae namane Romlah lan Basuki. Wong loro kae nembe bae seminggu kawin. Arane penganten anyar, wis pasti lagi seneng-senenge. Tapi arane urip ning perantauan, tetep kudu priatin.
ADVERTISEMENT
Sawijineng dina, Romlah bungah nemen dijak bojone (sing kas gajian) blanja ning mol. Sadurunge mangkat, Romlah paesan ning jero kamar kosih suwe nemen. Kayane nembe pertama maring mol. Maklum, seka cilik urip ning desa jarang nemen ngambah bangunan apik.
"Yuh oh gagian, pan maring mol be dangdan suwene ngluwihi pan pengantenan," Basuki kaya wis ora sabaran. Tapi arane penganten anyar, ngomonge ora wani bentak-bentak.
Bareng wis pragat kabeh persiapane, pasangan suami istri kue langsung tancap gas maring mol sing jarake sekitar 6 kilometer sekang umahe kontrakane. Ning dalan Romlah cekelan kenceng nemen. Dudu karna wedi tiba, tapi karna sayang. eeaa..
Nyampe mol, Romlah gagianan mlebu. "Wis oh mana pan blanja apa karepe, tapi syarate aja nganti luwihi sing seket ewu," ujare Basuki karo guyon. "Ya ora papa, anggere sampeyan ngko bengi turu ning jaba," Romlah ora gelem kalah.
ADVERTISEMENT
Singkat cerita, Romlah akhire rampung blanja. Ora kerasa ternyata wis wengi. Romlah lan Basuki sepakat langsung balik. Ora sida mangan ning jaba. Jerene lagi irit, arane urip ning perantauan.
Nah, pas perjalanan balik kue, Basuki ketar ketir ngileng spidometer motore. Ternyata bensine enggal entek. Tapi, untunge wis perek karo pom bensin. "Mas isi ful selawe ewu," ujare Basuki.
Begitu tengki wis penuh, Basuki bayar. Cemplak ning motor, langsung cekekek, greeng..tancep gas.
Ning sedawaneng dalan, Basuki cerita pirang-pirang soal kerjaane deweke sing lagi lancar-lancare. Juga soal bose sing lagi eman-emane. Nganti deweke olih bonus sing duite dinggo blanja bojone mau.
Tapi, ujug-ujug Basuki kerasa aneh. Diceritani macem-macem bojone ora nanggepi. "Lah deneng motore kempang." Bareng nglinguk maring buri, tangane ragap-ragap sadel. "Astagfirullah, bojone aku ndi, ilaang," Basuki panike por.
ADVERTISEMENT
Sagseg. Deweke langsung balik kanan. Pikirane wis macem-macem. Ana ngira bojone tiba sing motor. "Tapi kok aku ora kerasa yah," batine Basuki. Digoleti sadawane dalan sing miki dilewati juga ora ketemu.
Begitu nyampe pom bensin, Basuki weruh wong wadon ndempes ning buri trek sing lagi parkir. Lah dalah, jebule Romlah lagi nangis ngangseg-ngangseg merga ditinggal Basuki.
"Sampean pibe sih, bojone dewek ditinggal-tinggal," Romlah ngganyami Basuki sing ujug-ujug pelo ora bisa ngomong apa-apa. Bingung antara pengin ngguyu karo melas.
"Wis klalen karo aku apa pibe," Romlah sing monenge bungah dadi ora bombong. Nganti sempet emoh numpak motor maning gara-gara bojone klalenan. Tapi, sawise dibujuk rayu, gelem ora gelem Romlah akhire nyemplak motor.
ADVERTISEMENT
Anjog umah, Romlah esih bae ngambek langsung mlebu kamar. Trus metu maning gawa bantal. "Keh mana turu ning jaba."
Sawise kue, sampeyan pasti ngarti dewek nasibe Basuki wengi kue. Sekian. (Irsyam Faiz)