Nang Brebes Ana Bayi Wadon Ditemukna Ninggal Diwadahi Kresek

Konten Media Partner
11 Juni 2021 20:55 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas ndeleng sosok bayi wadon sing wis ninggal waktu ditemukena nang kantong plastik.
zoom-in-whitePerbesar
Petugas ndeleng sosok bayi wadon sing wis ninggal waktu ditemukena nang kantong plastik.
ADVERTISEMENT
BREBES — Wong-wong nang Désa Krasak Kecamatan Brebes digégérna karo ditemuknané wujud janin bayi nang njero tas kresek ireng karo kondisi wis ninggal dunya, dina Kemis (10/6/2021) soré.
ADVERTISEMENT
Janin bayi ditemukna nang umahé warga sing ana nang Désa Krasak sekitaré jam papat soré. "Dhéwék olih laporan seka warga ditemuknané wujud bayi nang njero tas kresek kondisiné wis ninggal dunya," omongé Kanit Polsék Brebes, Iptu Iwan Sujarwadi.
Diperkirakna bayi sing jenis kelaminé wadon kuwé umuré sekitar 7 wulan. Soalé, kulit bayiné ésih abang.
Ditemuknané janin bayi kuwé awalé wayah sing duwé umah balik latané turu neng njero kamar. Sekitar jam loro awan, dhéwéké tangi lan nglakokna sembayang Dhuhur. Latané jam telu soré, dhéwéké rencanané pan manén tanduran méngkréng nang sawah. Mugané dhéwéké njukut waring sing ana nang pawon. Pas lagi njukut waring, ana tas kresek warna ireng tiba.
Dhéwéké jukut tas kresek warna ireng sing tiba kuwé lan jebulé abot. Latané dhéwéké mbuka tas kresek kuwé. Jebulé nang njeroné, ana wujud bayi.
ADVERTISEMENT
"Nang njero tas kresek kuwé, kondisi bayi wis laka ari-ariné, karo dawa 25 cm. Toli ana saler bahan warna coklat corak batik," ungkapé Iptu Iwan Sujarwadi.
Polisi wis nglakoni olah TKP lan njaluk keterangan seka saksi-saksi. (*)