Nang Kabupatén Tegal, Bocah PAUD nganti SMP Wis Molai pada Mangkat Sekolah

Konten Media Partner
13 Agustus 2021 14:15 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Siswa-siswi SMP N 1 Slawi Kabupaten Tegal molai nglakoni pembelajaran tatap muka (PTM) terbatas, dina Kemis (12/8/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Siswa-siswi SMP N 1 Slawi Kabupaten Tegal molai nglakoni pembelajaran tatap muka (PTM) terbatas, dina Kemis (12/8/2021).
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kabéh sekolah nang Kabupaten Tegal seka PAUD ngantikan SMP molai nglakoni pembelajaran tatap muka (PTM) terbatas, dina Kemis (12/8/2021). Tapi, angger ana wong tuwa siswa sing keberatan karo anané PTM kuwé, mengko siswa tetep olih nglakokna pembelajaran jarak jauh (PJJ).
ADVERTISEMENT
Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan (Dikbud) Kabupatén Tegal, Was'ari, metung Kepala Bidang (Kabid) Pembinaan SMP, Al Fatah, ngomong, dianaknané PTM nggo Paud ngantikan SMP kuwé ngacu neng instruksi Menteri Dalam Negeri (Inmendagri) Nomer 36 Taun 2021.
"Saiki, Kabupatén Tegal manjing kategori PPKM lével telu. Mugané, sesuai karo Inmendagri, diolihna nglakoni PTM terbatas. Artiné nggo PAUD sepertelu seka jumlahé siswa, sedengé nggo SD lan SMP separoh seka jumlahé siswa," jaréné.
Senajan kaya kuwé, Fatah nglanjutna, pihaké tetep nyiapna rong opsi. Artiné, siswa bisa méloni PTM terbatas angger wong tuwa nyetujuni.
Tapi, angger wong tuwa keberatan méloni PTM merga wedi karo nyebar lan nularé Corona, siswa tetep diolihna méloni pembelajaran jarak jauh utawa PJJ.
ADVERTISEMENT
"Iya dhéwék tetep nyiapna rong opsi. Soalé dhéwék ora bisa maksakna utawa majibna siswa méloni PTM," jaréné.
Nggo pelaksanaané, Fatah njaluk ébén kabéh sekola sing pan nglakoni PTM kudu tetep nglakoni protokol keséhatan. Salah sijiné nyiapna sarana lan prasarana kaya tempat isuh-isuh tangan, ngatur tempat njagong siswa ébén tetep ana jarak.
Angger hal kuwé ora dilaksanakna, mengko pihaké ora pan segan nggo nutup sekola kuwé. "Pertama peringatan secara lésan. Angger ping telu ora ngindahna, mengko sekola sing bersangkutan pan dhéwék tutup," tegasé.
Fatah ngungkapna, nggo wilayah Kabupatén Tegal, sabeneré Dikbud wis siap nganakna PTM. Soalé, neng taun 2020 wis tau nacak nganakma PTM.
Tapi, merga kasus Corona selot ningkat lan anané penerapan PPKM, dadiné pas kuwé PTM diandegna.
ADVERTISEMENT
"Dadi sadurungé wis tau. Lan saiki wis ana Inmendagri kuwé, dadi dhéwék wis siap," jelasé.
Neng pelaksanaan PTM terbatas, aturané kaya sadurungé. Neng antarané, pelaksaan PTM mung suwéné rong jam.
Latané, kuota siswa 50 persén, siswa ora olih nggunakna angkutan umum wayah mangkat utawané balik sekola, lan kudu nerapna protokol keséhatan sing ketat.
PTM terbatas kuwé, mengko pan diileng lan disidak daning dinas pendidikan dan kebudayaan.
"Sesuai hasil rapat, dhéwék pan nglakoni sidak secara tertutup utawa ora kejadwal," pungkasé. (*)