Nang Randudongkal Ana Wit Randu Rubuh Nindihi Mobil, Wong Papat Ninggal

Konten Media Partner
7 Maret 2021 21:50 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Nang Randudongkal Ana Wit Randu Rubuh Nindihi Mobil, Wong Papat Ninggal
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
PEMALANG - Nang Gili Gedhé Pemalang-Randudongkal ana mobil Avanza Silber sing plat nomeré B 2083 UKB ketindihan wit randu. Kedadénan kuwé tepaté nang Désa Sumingkir, Kecamatan Randudongkal, Kabupatén Pemalang.
ADVERTISEMENT
Merga kedadénan kuwé, patang wong ninggal lan patang wong liyané ngalami luka-luka. Kepapat korban sing ninggal nang antarané supir, Apriyanto (40), Pandi (70) Agil Trias (25) lan Atta (6). Lah, angger korban sing luka yakuwé Kuswati (68), Ike (35) Arifian Hananta (12) lan Abinaya Kenzi Ananta (7).
Kanit Laka Polrés Pemalang, Iptu Nuryadi wayah dikonfirmasi ngomong, peristiwa kuwé kedadén lagi dina Saptu (6/3/2021) sekitaréng jam tengah telu soré. Pas kuwé, mobil nglinter seka arah kidul nuju maring arah lor wayah lagi udan gedhé.
"Wayah mobil nglinter nang TKP, ujug-ujug wit randu gedhé sing ana nang sewelah kiwa dalan rubuh lan nindihi mobilé korban," jaréné.
Merga kedadénan kuwé, Nuryadi nglanjutna, supir lan telung penumpang ninggal dunya nang lokasi kedadénan. Saiki, jenazah wis digawa maring RSI Mardotillah Randudongkal. "Nggo korban luka uga digawa maring RSI Mardotillah Randudongkal. Nggo korban ninggal lan luka rata-rata ngalami cidera nang endas lan tangan," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, peristiwa kuwé uga nggawé dalané sempet macét. Soalé, saliyané prosés évakuasi korban, prosés évakuasi kendaraan uga kedadén suwé, ngéling-éling wit randu sing rubuh kuwé ukurané gedhé. "Kabéh korban wis diévakuasi lan dhéwék gawa maring Rumah Sakit Randudongkal. Saiki, kondisi arus lalu lintas lancar, sawisé dhéwék évakuasi kendaraan," jelasé. (*)