Nang Tol Pemalang-Batang Ana Tabrakan, Dinyana Gara-gara Supiré Karipen

Konten Media Partner
2 Agustus 2020 22:03 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Nang Tol Pemalang-Batang Ana Tabrakan, Dinyana Gara-gara Supiré Karipen
zoom-in-whitePerbesar
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
PEMALANG – Nang dalan Tol Pemalang-Batang winginané kas ana Tabrakan, dina Jemuah (31/7/2020). Kejadiané, mobil Toyota Harrier sing ditumpaki daning wong mudik seka Jakarta nabrak trek fuso. Akibaté, wong siji sing mudik ninggal lan loro liyané pada luka-luka.
ADVERTISEMENT
Kecelakaan kuwé kedadén sekitar jam sanga esuk. Kasi Pelayanan Lalu lintas PBTR, Nurudin Zakaria, ngiyakna peristiwa kuwé. Jare dhéwéké kecelakaan kedadén nang KM 315 + 600 jalur A, Désa Petanjungan, Kecamatan Petarukan, Kabupatén Pemalang.
"Iya bener mau ana kecelakaan antara mini bis karo trek fuso. Korban yakuwé pemudik seka Jakarta," jaréné.
Kecelakaan kuwé, Zakaria nglanjutna, awalé wayah mobil Toyota Harrier sing duwé nomer polisi B 1992 RMB mlayu nang jalur A banter nemen, sekitar 160 km/jam. Teka nang lokasi, dinyana supir ngantuk utawa karipen nganti akhiré nabrak trek fuso sing mlayu seka arah sing padha.
"Sing ninggal nang lokasi wong siji (1), lan wong loro (2) luka. Lan korban wis digawa maring Rumah Sakit," jaréné.
ADVERTISEMENT
Nggo korban luka yakuwé sopir lan sing numpak mobil Toyota Harrier. Nggo korban ninggal yakuwé sing numpak mobil sing padha arané Danang Setiawan (34) alamat Sundang Gumo, Kabupaten Boyolali. Korban ngalami luka nang rong matané, nganti maring pipi lan bathuk.
Korban luka jahat, yakuwé sopir sing arané Slamet Supriadi (31) alamaté Banjarnegara. Korban uga ngalami luka nang nggon rai, cungur, rong matané, lan nang bathuk.
Latané korban sing lukané énténg, yakuwé Wildan Al Qautsar Anam Putra warga Ngemplak, Simongan, Semarang. Korban ngalami njarem nang boyok lan gigir.
"1 korban ninggal nang lokasi. Nggo korban luka jahat setengah éling lan sing luka énténg esih éling," jelasé.
Sementara kuwé, Kasat Lantas Polres Pemalang, AKP Arfian Riski ngomong kecelakaan dinyana merga supiré karipen. Kecelakaan molai wayah trek fuso sing nomer polisiné B 9623 B, sing dijalakna daning Ali Mahmudi, mlayu seka arah kulon, jalan mengétan utawa seka Jakarta maring Semarang.
ADVERTISEMENT
"Kedadén nang jalur sing padha. Soalé supiré arip lan akhiré nabrak trek," ungkapé. (*)