Nembé Dibangun, Gedung Muséum Manusia Purbakala Brebes Wis Ruag

Konten Media Partner
13 Mei 2022 20:05 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Muséum Manusia Purbakala nang Désa Galuhtimur, Kecamatan Tonjong Kabupatén Brebes ruag neng bagian ngarepé.
zoom-in-whitePerbesar
Muséum Manusia Purbakala nang Désa Galuhtimur, Kecamatan Tonjong Kabupatén Brebes ruag neng bagian ngarepé.
ADVERTISEMENT
BREBES — Gedung Muséum Manusia Purbakala nang Désa Galuhtimur, Kecamatan Tonjong Kabupatén Brebes ruag neng bagian ngarepé. Padahal bangunan muséum kuwé nembé baé rampung dibangun akhir taun 2021 wingi karo anggaran APBD karo nilé kontrak tekan Rp 752 juta.
ADVERTISEMENT
Merga kedadénan kuwé, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Dinbudpar) Kabupatén Brebes njaluk rekanan pembangunan Muséum Manusia Purbakala nang Désa Galuhtimur, Kecamatan Tonjong, tanggung jawab merga ruagé aub-aub bangunan kuwé. Soalé, proyék sing niléné Rp 752 juta neng taun 2021 kuwé ésih neng masa pemeliharaan.
"Ruagé aub-aub bangunan Muséum Manusia Purbakala kiyé, dhéwék wis nglayangna surat teguran maring rekanan soalé ésih masa pemeliharaan. Rekanan kudu tanggung jawab," omongé Kepala Dinbudpar Kabupatén Brebes, Roriq Qoidul Adzam, dina Kemis (12/5/2022).
Saliyané kuwé, jaréné, pihaké njaluk instansi kekait, neng antarané Konsultan Pengawas, Rekanan Pelaksana, Bagian Pembangunan sing dadi pengendali, Inspéktorat, Bagian ULP, DPKAD lan Tim Téknis Muséum. Dhéwéké diulemi nggo njaluk klarifikasi ngenani ruagé aub-aub bangunan kuwé sing kedadén ana pirang dina sawisé badanan 2022.
ADVERTISEMENT
"Ngésuk (Jemuah) dhéwék ngundang sakabéhanéng pihak kekait nggo njaluk klarifikasi ngenani kedadénan kiyé," tegasé.
Sementara kuwé, nganggo dasar data situs resmi http://lpse.brebeskab.go.id, dingerténi Pemkab Brebes nglélang proyék pembangunan gedung museum karo pagu anggaran Rp 940.515.000, karo sumber anggaran APBD taun 2021.
Prosés lélang dipéloni seakéh 40 peserta, lan sing dadi pemenang ténder CV Sakura Group, karo nilé penawaran Rp 752.405.600. Sementara neng papan proyék sing dipasang neng lokasi proyék nilé kontraké mung Rp 572.405.000.
Kekait séjéné nilé kontrak antara neng LPSE karo papan proyék, Rofiq njelasna, seka hasil klarifikasi karo rekanan, nilé kontrak sing kecantum neng papan proyék diakoni rekanan salah. "Wis dhéwék klarifikasi, sing bener Rp 752 juta, tulisan neng papan proyék diakoni rekanan salah," jelasé.
ADVERTISEMENT
Muséum kuwé dienggo nggo mbenahi éwonan fosil kéwan purba sing luwih ndisiti ditemukna. Aréal situs Bumiayu dhéwék ngliputi wilayah Bumiayu, Tonjong lan saparo Bantarkawung. (*)