Nggo Nyangoni Bojoné Dadi TKW, Wong nang Brebes Kiyé Nyolong Motor Tanggané

Konten Media Partner
11 Desember 2020 20:58 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Supri alias Unyil akhire ditahan karena nyolong motor tanggane.
zoom-in-whitePerbesar
Supri alias Unyil akhire ditahan karena nyolong motor tanggane.
ADVERTISEMENT
BREBES - Ana-ana baé kelakuané Supri alias Unyil (27). Dhéwéké nekad nyolong motor ndéké tanggané nang Kecamatan Songgom, Kabupatén Brebes nggo nyangoni bojoné sing pan kerja dadi TKW nang luar negri. Akibaté, saiki Supri ndekem nang penjara Mapolrés Brebes.
ADVERTISEMENT
Mauné pelaku apén-apén nyilih motoré korban. Lan, digawa dhéwéké maring tukang kunci nggo nggawé kunci duplikat. Belih suwe latané, wayah korban dolan maring umahé batiré, pelaku njukut motor sing diparkir korban karo nggunakna kunci duplikat kuwé. Motor selanjuté didol lan payu sejuta satus seket éwu.
"Pancén mbené pisan kiyé nyong nyolong motor. Kiyé kepoko soalé kepépéd kebutuhan. Bojoné nyong butuh biaya nggo mangkat dadi TKI," ngakuné Supri nang adepané petugas, dina Kemis (10/12/2020).
Sementara Kasat Réskrim Polrés Brebes, AKP Agus Supriyadi ngomong, pelaku curanmor kuwé diréok jajarané nang wilayah Cirebon, Jawa Barat. Kasus kuwé, kebongkar awalé seka korban sing nglaporna motoré ilang dicolong maring Mapolsék Songgom nang tanggal 20 wulan Novémber wingi. Anané laporan kuwé, jajarané langsung nglakoni penyelidikan.
ADVERTISEMENT
Motor korban werna Honda Supra X 125 kuwé dicolong pelaku wayah diparkir nang samping umahé batiré, nang block Pasar lama Songgom. Pas kuwé korban lagi dolanan nang umahé batiré lan nginep nang tempat kuwé. Tapi wayah pan balik, jebulé motoré wis ora ana.
"Dhéwék nguber pelaku kiyé ngantikan wilayah Jawa Barat. Pelaku kiyé akhiré bisa dicekel nang wilayah Cirebon," ungkapé.
Polisi, jaré Kasatréskrim, ésih terus ngembangna kasus kuwé. Pasalé, akhir-akhir kiyé akéh laporan masarakat kekait Curanmor. Termasuk, pihaké kembangna angger baé pelaku ngaksi nang lokasi séjén.
"Akéh wadulan utawaha laporan kekait kasus pencurian motor. Saiki ésih dhéwék kembangna kasusé. Gara-gara perbuatané kiyé, tersangka dhéwék jerat pasal 363 KUHP karo anceman ukuman luwih seka limang taun kurungan penjara," omongé.
ADVERTISEMENT
Kekait raméné kasus pencurian motor, pihaké nglaruhi maring masarakat bisa nyegah kedadéné kasus Curanmor kuwé. "Dhéwék nglaruhi maring masarakat nggo ngunci motoré wayah lagi parkir nang endi baé. Hal kuwé tujuané nggo ngangél-ngangéli aksi Curanmor," jelasé.
Nganggo dasar pengalaman wong sing pada dadi korban, akéh ditemukna motor ora kekunci wayah parkir, nggawé nyumul tindak kejahatan. Soalé awéh kesempatan maring pelaku nggo nglakoni kriminal. Malah, akehé kasus Curanmor diakibatna merga kelalaian sing duwé kendaraan kuwé dhéwék. Sebab, ora nyabut kunciné wayah ditinggal lunga. Ditambah maning ora ngunci stang motor lan markir sembarangan.
"Dhéwék karep kewaspadaan dimolai seka awaké dhéwék dhéwék. Masarakat dijaluk nggo terusan waspada karo motoré. Angger perlu tambah kunci pengaman kendaraan," pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT