Ngropok Batiré Dhéwék Nganti Mati, 6 Cah Punk nang Brebes Dicekel Polisi

Konten Media Partner
15 Oktober 2020 18:25 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes nangkep enem bocah dalanan utawa punk sing dinyana wis ngropok batiré dhéwék ngantikan mati, dina Rebo 14 Oktober 2020. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes nangkep enem bocah dalanan utawa punk sing dinyana wis ngropok batiré dhéwék ngantikan mati, dina Rebo 14 Oktober 2020. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES — Tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes akhiré nangkep enem bocah dalanan utawa punk sing dinyana wis ngropok batiré dhéwék ngantikan mati, dina Rebo 14 Oktober 2020. Peristiwa kuwé kedadén nang awal wulan wingi lan mayidé korban ditemukna lagi dina Slasa (6/10/2020).
ADVERTISEMENT
Informasi sing ditampa PanturaPost seka kepolisian nyebutna, korban arané Putra Dewa (19) warga Kecamatan Comal, Kabupatén Pemalang. Sawisé dikropok, mayid korban digawa pelaku nganggo motor lan diguwang nang kali sing ana nang wilayah Luwunggede, bisa Kecamatan Tanjung, Kabupatén Brebes.
Kanit I Satréskrim Polrés Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono ngomong, pelaku dicekel nang umah sing ana nang wilayah Kota Tegal. Pas dicekel, bocah-bocah kuwé nembé baé kena razia pekat sing dilakoni Satpol PP Kota Tegal.
Saliyané nang Kota Tegal, polisi nangkep pelaku liyané nang wilayah Cirebon, Jawa Barat. "Pelaku dhéwék dicekel nang pirang lokasi sing sejen, nang wilayah Kota Tegal lan Cirebon," jaré Titok.
Lah, nggo enem pelaku sing dicekel yakuwé, Yolandi Sutomo warga Losari, Cirebon; Ade warga Ciledug, Cirebon; Aziz warga Gegesik, Cirebon; Arif warga Ketanggungan, Brebes; Agus warga Kersana, Brebes; lan Firsta Yoga Pratama warga Mojokerto, Jawa Timur.
ADVERTISEMENT
Dinyana motif pembunuhan kiyé merga rasa cemburu. Salah siji pelaku sing arané Arif ngaku, korban diropok merga wis ngganggu taroké batiré dhéwék.
"Pancén nyong uga duwé dendam suwé karo dhéwéké (korban), mugané nyong melu nang masalah kiyé," ngakuné Arif nang adepané petugas.
Dhéwéké ngomong, korban dikroyok nang lapangan sing ana nang Désa Cigedog, Kecamatan Kersana Brebes. Belih mung dikantem karo tangan kopong, jaré dhéwéké, korban uga kepruk karo watu.
Sadurungé, ketemuné mayid korban sempet gawé héboh warga Luwunggedé, Kecamatan Tanjung. Sawisé dicek daning pihak kepolisian seka Polsek Tanjung bareng karo dokter Puskesmas Luwunggedé lan tim Inafis seka Polrés Brebes, mayid korban digawa maring RSUD Brebes. Latané, sawisé dipriksa daning doker RSUD Brebes ditemukna luka suwék nang nggon endas mburi sewelah kiwa.
ADVERTISEMENT
Nggo mertanggungjawabna kelakuané, kabéh pelaku saiki dipenjara nang Mapolres Brebes. Pihak kepolisian saiki ésih terus nylidiki kasus kiyé. Termasuk nguber pelaku liyané sing ésih buron.
"Dhéwék ésih terus nglakoni pengembangan, soalé ésih ana sing esih buron lan wis dhéwék tetapna dadi DPO," omongé Titok. (*)