news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Ora Dipenjara, Wasmad Diukum 6 Wulan karo Masa Percobaan Setaun

Konten Media Partner
13 Januari 2021 20:13 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wasmad Édi Susilo, Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, akhiré nglakoni sidang putusan, dina Slasa (16/1/2021) nang Pengadilan Negeri (PN) Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Wasmad Édi Susilo, Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, akhiré nglakoni sidang putusan, dina Slasa (16/1/2021) nang Pengadilan Negeri (PN) Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Wasmad Édi Susilo, Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, diukum nem wulan penjara lan denda séket juta subsider telung wulan karo masa percobaan setaun. Hal kuwé keungkap wayah sidang putusan, dina Slasa (16/1/2021) nang Pengadilan Negeri (PN) Tegal.
ADVERTISEMENT
Ketua Majelis Hakim Toetik Érnawati, nyatakna Wasmad wis kebukti nganggo cara sah lan ngyakinkena nglakoni tindak pidana Kekarantinaan Kesehatan lan ora nuruti préntahé pejabat sing sah.
Wasmad dinyatakna kebukti nglanggar Pasal 93 UU. No. 6 Taun 2018 ngenani Kekarantinaan Kesehatan lan Pasal 216 ayat (1) KUHP. Musababé, gara-gara nganakna dangdutan wayah hajatané lagi tanggal 23 September 2020.
"Nibakna pidana penjara sasuwénéng nem wulan karo denda séket juta karo ketentuan denda ora dibayar dadiné diganti pidana kurungan lawasé telung wulan," omongé Toetik neng amar putusané.
Karo vonis kuwé, artiné Wasmad ora pan nglakoni ukuman nang penjara. Jabah, dhéwéké nglakoni maning kesalahané kuwé lawasé masa percobaan sa taun kuwé.
"Netepna pidana kuwé ora susah dilakoni jabah angger mbésuk-mbésuk ana putusan majelis hakim sing nentukna séjén disebabna soalé terpidana nglakoni tindak pidana sadurungé masa percobaan sasuwénéng sa taunan kiyé," lanjuté Toetik, dibatiri hakim anggota Paluko Hutagalung lan Fatarony.
ADVERTISEMENT
Lubar ngringokna vonis, Wasmad Édi Susilo nyatakna pikir-pikir. Pada uga karo Jaksa Penuntut Umum (JPU) wayah ditakoni majelis hakim.
Vonis majelis hakim luwih dhuwur seka tuntutan JPU sing disampékna nang sidang sadurungé lagi dina Slasa (5/1/2021) wingi. Pas kuwé, JPU nuntut Wakil Ketua DPRD Kota Tegal Wasmad Édi Susilo patang wulan penjara karo masa percobaan sa taun lan denda rongpuluh juta subsider rong wulan penjara. (*)