Pabrik Uyah Modern Pan Dibangun nang Brebes Taun Ngarep

Konten Media Partner
4 Juli 2020 23:33 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi petani garam. (Foto: PanturaPost)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi petani garam. (Foto: PanturaPost)
ADVERTISEMENT
BREBES – Pabrik modern sing nggo ngolah uyah pan dibangun nang Kabupaten Brebes nang taun 2021 mengko. Dibangune pabrik kuwe, nggo mresepi produksi uyah tradisional petani-petani nang wilayah sadawane Pantura Brebes.
ADVERTISEMENT
Kepala Dinas Perikanan Kabupaten Brebes, Gatot Rudiono, ngomong potensi produksi uyah nang pesisir Kabupaten Brebes lumayanan dhuwur. Kurang luwih 50 ewu ton per taun.
"Rencana dibangune pabrik sing nggo ngolah uyah kiye ketuang jeroneng Perpres 79 Taun 2019 ngenani Percepatan Pembangunan Ekonomi nang pirang-pirang kabupaten nang Jawa Tengah. Rencana dibangune pabrik sing nggo ngolah uyah kiye pan ngeleg investasi Rp 80 miliar," omonge Gatot Rudiono, dina Kemis, 2 Juli 2020.
Tapi mengkono, lokasi dibangune pabrik modern sing nggo ngolah uyah kuwe esih jeroneng proses pembahasan. Gatot negasna areal balong nang pesisir lor ora pan keimbas pembangunan Kawasan Industri Brebes (KIB).
Areal balong kiye ana nang njabaneng kawasan industri. Dadine petani-petani balong ora usah perlu kuwatir lan tetep bisa produksi kaya biasane. Malah, karo anane pabrik sing nggo ngolah uyah kiye pan ngrewangi petani-petani uyah.
ADVERTISEMENT
"Seka Kecamatan Brebes anjog Losari ora keimbas KIB. Apamaning balong produktif, ora mungkin manjing nang jero KIB. Petani mengkone kebantu karo anane pabrik sing nggo ngolah uyah kiye," omonge Gatot.
Gatot ngomong, pabrik uyah kiye mengkone pan ngolah bahan baku uyah tradisional seka petani-petani nggo diolah dadi uyah industri lan uyah konsumsi. Saliyane kuwe, dibangunane pabrik uyah kiye nggo ningkatna rega uyah petani sing wayah kiye ana nang kisaran Rp 300 — Rp 400 per kilone.
"Soale kualitas produksi uyahe dhewek kuwe KW 1 lan pantes nggo industri. Apamaning nang kene pan dadi kawasan industri, sing jelase pabrik-pabrik pan manfaatna uyahe dhewek. Nggo pabrik sing nggo ngolah uyah kiye mengko kapasitas produksine sa dina tekan 30-50 ton," jelase.
ADVERTISEMENT
Lah, nggo luas potensi lahan balong uyah nang Kabupaten Brebes diperkirakna tekan 1.456 hektar. Saiki lahan produksine wis ana 605,79 hektar, sing kebagi seka ambane lahan integrasi 164,54 hektar lan amba lahan nonintegrasi 441,25 hektar. Jumlahe petani uyah nang Kabupaten Brebes ya lumayan akeh, yakuwe tekan 658 wong.
"Potensi produksi uyah nang Brebes lumayanan dhuwur. Mugane perlu ana pabrik pengolahan uyah nggo menuhi kebutuhan masarakat lan kebutuhan nang sektor industri," pungkase. (*)