Pada Mbedud Ora Nggo Masker, Cah Nom Nang Tegal Diukum Kongkon Nembang

Konten Media Partner
1 Juni 2020 20:57 WIB
comment
2
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
ADVERTISEMENT
Wayah New Normal diterapna nang Kota Tegal, petugas Satpol PP nertibna wong-wong sing esih pada mbedud nang Alun-alun, Minggu (31/5/2020).
TEGAL Wayah New Normal diterapna nang Kota Tegal, petugas Satpol PP nertibna wong-wong sing esih pada mbedud nang Alun-alun, Minggu (31/5/2020). Hasile, ditemukna bocah-bocah nom sing lagi mlaku-mlaku ora nganggo masker.
ADVERTISEMENT
Bocah-bocah kuwe langsung diwein ukuman daning petugas, yakuwe kongkon nembang karo push up. Malah ana sing langsung kon balik njukut masker sadurunge balik maning maring Alun-alun.
Wakil Wali Kota Jumadi ngomong, deweke bareng karo Satpol PP mudun langsung maring lapangan nertibna masarakat sing pada esih mbedud ora nuruti protokol kesehatan sing ana.
Satpol PP pas kuwe uga mein pengarahan maring wong-wong langsung utawane metung toa. Mider-mider ngejak warga nuruti protokol kesehatan wayah nglakokna kegiatan.
"Imbauan tok ora cukup, magane kuwe bareng karo Satpol PP pan terus mudun langsung ndeleng diterapnane protokol kesehatan nang tempat — tempat umum," jare Jumadi.
Jumadi negasna, pokoke sapa bae utawa seka endi bae wong sing manjing maring Kota Tegal kudu wajib nganggo masker. "Dhewek ora olih lengah, kudu tetep waspada akalen wis zona ijo tetep protokol kesehatan kudu dipertahanna. Kiye ora bisa dianyang maning," omonge Jumadi.
ADVERTISEMENT
Kekait sanksi, deweke ngomong pada kaya Aturan Wali Kota Tegal No. 13 Taun 2020 ana sanksi sing diwekena nggo pelanggar protokol kesehatan. Tapi jarene, wayah kiye sanksi mung nembe sewates peringatan utawane ukuman enteng.
Sementara kuwe kekait dibukane tempat wisata, pihake pan terus ndelengna perkembangane COVID-19. "Mesti objek wisata pan dhewek persiapna nggo dibuka angger keadaan wis memungkinkan. Tapi tetep karo kengati-atian termasuk pembatasan pengunjung uga jaga jarak dadi bagian seka diterapnane protokol kesehatan," jarene. (*)
***
*kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!