Pas Lagi Ngeduk Pondasi, Telu Tukang Bangunan nang Tegal Ketindihan Témbok Umah

Konten Media Partner
23 Mei 2022 19:55 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga karo petugas ndeleng tembok sing ambruk lan nimpani telu tukang bangunan.
zoom-in-whitePerbesar
Warga karo petugas ndeleng tembok sing ambruk lan nimpani telu tukang bangunan.
ADVERTISEMENT
TEGAL - Melas nemen tukang bangunan nang Dukuh Babakan, Désa Tuwel, Kabupatén Tegal kiyé. Dhéwéké ketindihan témbok umahé warga sing ambrek pas lagi ngeduk lemah nggo nggawé pondasi, dina Ahad (22/5/2022) awan. Gara-gara kedadénan kuwé, dhéwéké pada ngalami luka-luka.
ADVERTISEMENT
Seka data nang lapangan, kedadénan kuwé sekitar jam setengah sewelas awan. Pas kuwé, ana pirang pekerja bangunan ngeduk bolongan nggo pondasi umah ndéké Toha. Tapi hal kuwé nggawé témbok umah ndéké Mahri, tanggané Toha, ambrek.
Salah siji saksi sing uga tukang bangunan, Ajis (36) ngomong, pas kuwé lagi masang cékér ayam lan ngeduk pondasi umah ndéké Toha. Kebeneran posisi tembok umahé Mahri, sing ana persis nang ndhuwur galian pondasi lan bolongan ceker ayam, kondisiné wis miring.
"Ndéyan gara-gara getaran seka kegiatan pekerja sing lagi ngeduk gawé pondasi nyebabna témbok umah kuwé ambrek," jaréné.
Ora let suwé sawisé kedadénan, warga nang sekitar lokasi langsung nulungi telung pekerja sing ketindihan témbok kuwé. Lan nggawa korban maring tenaga keséhatan setempat, yakuwé Bidan Eti Nur Alimah nang Désa Karangmulya, Kecamatan Bojong. Para korban kuwé yakuwé Khosiin (58), Kartubi (58), lan Sohirin (42), keteluné warga Désa Karangmulya Kecamatan Bojong.
ADVERTISEMENT
"Mung luka ringan lan saiki korban wis balik maring umahé masing-masing," ungkapé.
Kapolsek Bojong, AKP Rudi Wihartana uga ngiyakna kedadénan kuwé. Jaréné, korban mung ngalami luka ringan. "Korban ngalami luka ringan, lécét-lécét neng nggon tangan lan sikil," omongé.
Gara-gara kedadénan kuwé, sing duwé umah diperkirakna ngalami tuna sekitar Rp 10 juta. Kedadénan kuwé uga wis rampungna nganggo cara kekeluargaan, yakuwé témbok sing ambrek pan didandani.
"Pelapor yakuwé sing duwé umah wis sepakat kedadénan kiyé dirampungna nganggo cara kekeluargaan," jelasé. (*)