Pedes Nemen, Rega Méngkréng nang Tegal Sekiloné Méh Nyendak Satus Éwu

Konten Media Partner
6 Maret 2021 21:25 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wong dagang méngkréng nang Pasar Banjaran Tegal. (Foto: Bentar)
zoom-in-whitePerbesar
Wong dagang méngkréng nang Pasar Banjaran Tegal. (Foto: Bentar)
ADVERTISEMENT
TEGAL - Rega méngkréng tengis utawa mékréng setan abang saiki lagi mundhak nemen. Nang pasar bawang Banjaran Kabupatén Tegal, rega méngkréng cengis sakiloné tekan Rp 93.000. Sadurungé rega méngkréng cengis sakiloné Rp 60.000 nganti 70.000.
ADVERTISEMENT
"Méngkréng larang kedadén minggu-minggu kiyé. Soale pasokan sacuil, sementara jalukan pasar ora nyukupi. Akalén konsumén/sing tuku kanteben karo rega sing mundhak," tuturé salah siji bakul mengkreng nang pasar tradisional Banjaran, Abdul Ghofir maring panturapost, dina Jemuah (5/3/2021).
Jaréné, mundhaké rega méngkréng kiyé soalé akéh petani sing gagal panén gara-gara curah udan sing dhuwur. "Jalukan barang akéh, sementara pasokan sacuil, gelem ora gelem rega mundhak," omongé dhéwéké mbari ngungkapna, méngkréng sing ana nang pasar tradisional Banjaran kiyé ditekakna seka luar kota, kaya seka Temangung lan Magelang.
Nggo mundhaké rega, dhéwéké nglanjutna, rega méngkréng sing paling larang yakuwé méngkréng cengis abang/cengis sétan. Sing mauné Rp 60.000 nganti Rp.70.000 sakiloné, saiki dadi Rp 93.000/kg.
ADVERTISEMENT
Sementara rega méngkréng liyané mundhak sacuil utawa ora patia dhuwur. Kaya, méngkréng brintik, mauné rega Rp 40.000/kg saiki mundhak dadi Rp 44.000/kg, méngkréng abang gedhé mauné Rp 25.000/kg saiki dadi Rp 30.000/kg, méngkréng ijo mauné Rp 12.000/kg saiki dadi Rp 15.000/kg, méngkréng cengis putih Rp 30.000/kg saiki dadi Rp 32.000/kg.
Jaréné Abdul Ghofir, nglonjaké rega méngkréng kiyé ora nggawé konsumen susut. Konsumén tetep tuku méngkréng nang pasar Benjaran kiyé, soalé pancén mbutuhna komoditi méngkréng nggo didol maning utawa dienggo nggo usaha panganan lan liyané.
"Akéh konsumén mojar, 'regané pedes nemen yah,' tapi kudu dituku soalé dadi kebutuhan nggo pelengkap panganan lan liyané." omongé.
Bakul liyané, Komar (31) uga ngrasakna, dhuwuré rega méngkréng ora duwé dampak temuruné konsumén-konsumén nggo tuku méngkréng. Senajan sing tuku pada ngangluhna mundhaké rega kuwé.
ADVERTISEMENT
"Pasar tradisional kiyé rega méngkréng mundhak nganti Rp 93.000/kg. Nang écéran, nang jaba kana, rega bisa dhuwur maning. Mugané, konsumén akéh sing takon ngenani mundhaké rega méngkréng. Konsumén njerit. Nang sa sisi, konsumén butuh méngkréng kiyé," ungkapé. (*)