Pemkab Brebes Nampa Hibah Dalan karo Brug Bekas Proyek Panas Bumi

Konten Media Partner
1 September 2020 23:31 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bupati Brebes Idza Priyanti menandatangani berita acara serah terima aset dari PT SAE. (Foto: Dok. Humas Pemkab Brebes)
zoom-in-whitePerbesar
Bupati Brebes Idza Priyanti menandatangani berita acara serah terima aset dari PT SAE. (Foto: Dok. Humas Pemkab Brebes)
ADVERTISEMENT
BREBES – PT Sejahtera Alam Energy (SAE) winginané bar méin hibah 35 asét dalan lan brug bekas proyek ngebor panase bumi, maring Pemrentah Kabupatén (Pemkab) Brebes. Total nilé asété kuwé tekan Rp 11 milliar luwih.
ADVERTISEMENT
Serah trima dilakoni karo penandatangan berita acara lan penandatanganan prasasti daning Bupati Brebes Idza Priyanti bareng karo Direktur PT SAE Dicky Rudiwibowo, dina Senén (31/8/2020).
"Ngatasnamakna warga, dhéwék matur nuwun maring PT SAE soale wis mékena dalan lan brug sing mauné ciut lan bodhol, saiki masarakat bisa ngnikmati dalan lan brug sing wis digawé daning PT SAE," omongé Bupati Brebes Idza Priyanti.
Dhéwéké njelasna, bodholé dalan lan brug wis dadi tanggung jawabé Pemkab. Nggo kuwé, Bupati ngarep-arep maring masarakat nggo bareng-bareng njaga asét kuwé ebén awét lan nilé manfaaté dawa.
"Asét sing wis dihibahna dadi tanggung jawab pemrentah daérah dadiné dukungan seka masarakat sing pan nganggoni nggo ngrawat lan njaganiné. Yuh dhéwék jaga dalan lan brug seka PT SAE ebén lestari lan ora cepet bodhol," jelasé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Kepala Dinas Pekerjaan Umum (DPU) Kabupatén Brebes Ahmad Syatibi ngomong, sajegé 2018 wis dilakoni pembangunan brug lan dalan nggo kepentingan transportasi alat berat PT SAE sing nglakoni pengeboran panas bumi.
Seka telung titik karo kejeronan 3.400 meter nang Désa Kalibuntu Kecamatan Paguyangan jebulé hasilé durung positif. Mugané asét dalan lan brug kuwé ora dienggo maning daning PT SAE lan kanggo nggo transportasi masarakat sakoloman.
"Mengko nang awal taun 2021 pan dilakoni pengeboran maning nang Kecamatan Sirampog. Nggo mobilisasi pengeboran panas bumi kuwé, PT SAE wis nggawé brug Kalibuntu anyar lan kantong parkir," omongé Ahmad Syatibi.
Salah siji kegiatan kantong parkir kiyé, dhéwéké nglanjutna, yakuwé pembebasan lemah seakéh 11 bidang sing wis rampung pembebasané. "Angger ésih ana hal sing gentesan karo pembebasan lemah gagiyan disampékna dadiné akad serah trima kiyé langka cacad," jelasé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Direktur PT Sejahtera Alam Energi, Dicky Rudiwibowo pesen, ebén serah trima kiyé nggawa barokah nggo Kabupatén Brebes lan PT SAE.
Dicky njelasna, kapan pengeboran selanjuté olih hasil sing positif, dadiné nilé sing diolihi yakuwé gawé Pembangkit Listrik Tenaga Panas Bumi.
"Dhéwék njaluk dukungan donga restu seka masarakat Brebes ebén pengeboran bisa sukses lan olih hasil positif dadiné pan kelakon Pembangkit Listrik nggo kesejahteraan masarakat," omongé Dicky Rudiwibowo. (*)