Pemkot Tegal Nglarang Kegiatan Halal Bihalal karo Open House Bada Taun Kiyé

Konten Media Partner
9 Mei 2021 14:28 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Johardi (tengen) lubar méloni kegiatan Apél Gelar Pasukan Operasi Candi 2021 nang Mapolrés Tegal Kota, dina Rebo (5/5/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Johardi (tengen) lubar méloni kegiatan Apél Gelar Pasukan Operasi Candi 2021 nang Mapolrés Tegal Kota, dina Rebo (5/5/2021).
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL — Sekretaris Daérah (Sekda) Kota Tegal Johardi ngomong, Pemréntah Kota Tegal nglarang ana kegiatan halal bihalal lan open house nang Badanan taun 2021.
ADVERTISEMENT
"Ora mung kuwé, buka puasa bareng saliyané kluwarga inti uga ora diolihna," omongé Johardi lubar méloni kegiatan Apél Gelar Pasukan Operasi Candi 2021 nang Mapolrés Tegal Kota, dina Rebo (5/5/2021).
Johardi nyebut kebijakan kuwé dijukut nindaklanjuti Surat Édaran Menteri Dalam Negeri (Mendagri) Tito Karnavian.
Tujuan pelarangan kuwé, jaré Johardi, ébén masarakat bisa krasa aman seka nyebarényebaré Corona wayah ngrayakna badanan. "Dhéwék njaluk masarakat ébén bisa naati," omongé Johardi.
Johardi nyebut, larangan kuwé ora mung kanggo nggo masarakat umum tok. Tapi uga nggo aparatur sipil negara (ASN) nang lingkungan Pemkot Tegal.
"Dadi pancén dudu mung nggo masarakat umum, kebijakan kuwé uga kanggo nggo pejabat lan ASN," jaréné.
Kapolrés Tegal Kota, AKBP Rita Wulandari Wibowo negasna, nggo saiki ora olih ana rumbengan. Mbuh kuwé tah buka puasa bareng, halal bihalal uga open house.
ADVERTISEMENT
Mengkoné pan ana patroli nggo nyegah ébén ora kedadén rumbengan nang tengah masarakat.
"Kiyé uga dadi salah siji fokus operasi kupat candi. Nang tingkat kelurahan uga pan kedeleng metung 32 posko PPKM mikro sing nyebar," pungkasé. (*)