Pemrentah pan Ndandani Waduk Cacaban Tegal Nganggo Duit Rp 40 Miliar

Konten Media Partner
19 Oktober 2020 19:42 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Waduk Cacaban. (Foto: Reza Abineri)
zoom-in-whitePerbesar
Waduk Cacaban. (Foto: Reza Abineri)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Pemrentah Pusat pan ndandani Waduk Cacaban sing ana nang Kecamatan Kedung Banteng, Kabupatén Tegal karo nilé anggaran Rp 40 miliar. Dandanan utawa rehabilitasi Waduk Cacaban direncanakna dilekasi wulan Oktober 2020 ngantikan Desember 2021 mengko.
ADVERTISEMENT
Kepala Balai Besar Wilayah Sungai (BBWS) Pemali-Juana Dirjén Sumber Daya Air Kementerian Pekerjaan Umum dan Perumahan Rakyat (PUPR), Muhammad Ade Rizaldi, ngomong, anggaran dandanan segedhé Rp 40 miliar kiyé wis disiapna Bank Dunia nggo ngongkosi pirang pegawéan kuwé. Dandanan uga duwé tujuan nggo ningkatna guna operasional lan keslametan Waduk Cacaban.
"Rehabilitasi Waduk Cacaban dhéwék manjing nang skala prioritas seka Proyek Peningkatan Operasional dan Keselamatan Bendungan Tahap 2 utawa Dam Operational Improvement and Safety Project (Doisp2) ," jaréné wayah mbuka Sosialisasi Rencana Pekerjaan Remidial nang Waduk Cacaban, dina Jemuah (16/10).
Remidial sing dimaksud, lanjut Rizaldi, yakuwé nata ulang kawasan bendungan. Kiyé pan dilakoni nang rong lokasi, yakuwé remedial pegawéan awak bendungan, lan tata-tata kawasan nang sekitar bendungan. Saliyané kuwé, uga dilakoni dandanan nang spillway lan ngeruki lumpur.
ADVERTISEMENT
"Dadi, saliyané nduwéni guna pencadangan banyu nang mangsa ketiga lan mékena manfaat maring petani lan pelaku usaha liyané, anané bendungan uga mbenahi potensi bahaya sing gedhé nemen," jaréné.
Nurut dhéwéké, pegawéan remedial Waduk Cacaban kudu gagiyan dilakoni soalé umur wis tuwa nemen. Yakuwé sekitar 62 taun sajegé pertama pisan operasi nang taun 1958. Saliyané kuwé, mengkoné, ana pemanfaatan lahan sing ora sesuai karo peruntukané. Utamané nang bagian awak bendungan sing ana nang lawang siji, yakuwé aktifitas pariwisata. Karo mengkono, pas revitalisasi nang awak bendungan, uga kudu nyeterilna seka pirang aktifitas, kaya pariwisata lan ngrelokasi maring tempat liya sing luwih aman.
"Tragedi Situ Gintung nang Tangerang, Banten sing jebol nang taun 2009 wingi lan newasna atusan wong kaé kirané kudu dadi pelajaran. Penyebabé, saliyané faktor umur uga merga akehé aktifitas kaya wisata nang awak bendungan kuwé," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Bupati Tegal Umi Azizah nyampekna omongan matur nuwuné maring Kementerian PUPR. Pegawéan remedial kuwé nguntungna nemen. Ora mung nggo masarakat petani, tapi uga pelaku usaha pariwisata.
"Liwat proyek kiyé, dadiné impenan dhéwék lawasé kiyé nggo nguwatna maning citra Waduk Cacaban dadi destinasi wisata unggulan lan andelan Kabupatén Tegal bisa gagiyan kelakon," tuturé.
Umi ya njaluk ebén warga, wong dagang lan sing duwé prau, sabar, nglilakna tempat usahané direlokasi maring tempat sing wis ditentukna. Termasuk ngalihna usahané lawasé lima ngantikan nem wulan mengarep nganti lokasi sing anyar mengkone siap dipanggoni.
Dhéwéké mastikna, karo ketatané kawasan Waduk Cacaban, lan ditunjang promosi, dadiné jumlah wisatawan sing teka pan ningkat. "Nyong wis pesen maring Dinas Pariwisata ebén daya tarik objek wisata nang Waduk Cacaban kiyé ora mung nyuguhna wisata alam lan fasilitas kenyamanan nggo wong sing pada plesiran tok. Tapi uga ana atraksi wisata banyu kaya banana boat, jet ski, parasailing, trampolin banyu lan sing liyané, bangsané event olah raga kaya ski banyu," tambahé.
ADVERTISEMENT
Kepala Bidang Kegiatan Oprasi dan Pemeliharan Sumber Daya Air Dina Noviadriana ngomong, pegawéan rehabilitasi kiyé tindak lanjut hasil survei sing dilakoni komisi bendungan taun 2019 ndisit.
"Hasil survei seka komisi bendungan nyarankna perluné pengamanan area tubuh bendungan, dandanan spillway, pengembalian fungsi bendungan lan tata-tata kawasan uga relokasi warung lan wong dagang nang sekitar tubuh bendungan soalé dinilé nrawasna keamanan bendungan," jelasé.
Pihaké pan duwé upaya ngrampungna pegawéan tata-tata kawasan nggo kepentingan pariwisata kiyé nganti karo akhir wulan Maret 2021. Sementara pegawéan liyané sing nyangkut struktur bendungan lan infrastuktur bendungan mbené pan pragat nang wulan Desember 2021.
Tata-tata kawasan kiyé uga pan nyakup pegawéan normalisasi bibir waduk, gawé dermaga lan lansekapé. Latané, gawé pujasera nggo nampung 26 unit kios, gawé kakus lan langgar, gawé gardu pandang lan pujasera nggo 12 unit kios uga gawé tempat dolanan bocah.
ADVERTISEMENT
"Bisa dhewek ngileng kondisi bibir waduk saiki sing mung rupané lemah nggo cembongan waduk, mengkoné pan diganti karo tembok pasangan watu. Kaya kuwé ya karo warung-warung sing ora ketata apik pan disempurnakna, salah sijiné karo konsep pujasera," jaréné.
Nanggepi rencana kuwé, perwakilan pedagang kononé, Arif, ngaku ndukung nemen kebijakan pemrentah nggo nata kawasan ebén ningkatna daya tarik lan kunjungan wisatawan.
"Dhéwék siap angger mengko-mengko ora bisa dodolan nggo sementara waktu kiyé. Dhéwék sing pada dagang legowo, ndukung nemen lan ngucapna matur nuwun karo pemrentah pusat utawané daerah sing wis masilitasi tata-tata kawasan wisata Waduk Cacaban kiyé," pungkasé. (*)