Pengin Ketemu Karo Jokowi, Jéfry Mlayu Seka Maluku Maring Jakarta

Konten Media Partner
17 September 2020 22:12 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Seorang pria bernama Jefry Hamangau, warga Tobelo Maluku Utara, rela berlari menempuh jarak ribuan kilometer dari daerah asalnya dengan tujuan Jakarta.
zoom-in-whitePerbesar
Seorang pria bernama Jefry Hamangau, warga Tobelo Maluku Utara, rela berlari menempuh jarak ribuan kilometer dari daerah asalnya dengan tujuan Jakarta.
ADVERTISEMENT
BREBES – Jéfry Hamangau, wong seka Tobelo Maluku Utara, lila mlayu nempuh jarak éwonan kilometer seka daerah asalé maring Jakarta. Cah enom sing umuré 20 taun kuwé kepéngin ketemu karo Persiden RI Joko Widodo ebén ditampa dadi Tentara.
ADVERTISEMENT
Perjalanané Jéfry wis anjog nang jalur pantura perbatesan Kota Tegal-Kabupatén Brebes nang dina Rebo (16/9) esuk. Jéfry sempet mampir nang kantor KONI Brebes nggo liren sadelat. Rencanané dhéwéké pan nginep sadina nang Kota Bawang, sing selanjuté nutugna perjalanané maring Kabupatén Cirebon Jawa Barat.
Wayah ditemoni daning wartawan, Jéfry nyritakna, awal mula mangkat mlaku seka kampungé nang tanggal 20 wulan Agustus wingi. Selanjuté, rute ngliwati Surabaya lan nuju Jawa Tengah.
"Sukur pisan dina kiyé wis teka nang Brebes. Perjalanané nyong ésih pan dilanjutna maring arah Jawa Barat," omongé.
Dhéwéké nargétna teka nang Jakarta sekitar siji setengah wulan mengko. Tapi, merga saiki Jakarta lagi nerapna PSBB, dhéwéké ngira-ngira targeté pan ketunda pirang waktu.
ADVERTISEMENT
"Apa sing nyong lakoni kiyé nggo mujudna ngimpi lan cita-cita ketemu pak Persiden RI, Joko Widodo. Nyong pan njaluk tulung maring Pak Persiden RI ebén nyong ditampa dadi prajurit TNI," omongé Jéfry.
Sementara kuwé, Sekretaris KONI Brebes, Tri Budi Hermanto ngaprésiasi semangaté Jéfry mlayu karo jarak sing adoh nemen.
Nurut dhéwéké, hal kuwé dilakoni Jéfry merga cintané maring olahraga mlayu. Diarep-arep, upaya sing dilakoni Jéfry kuwé bisa nyurung lan mbangkitna duni olahraga, khususé cabang mlayu.
"Apa sing dilakoni Jéfry kiyé pantes diaprésiasi, semangaté gedhé nemen. Dhéwék jelas simpati karo upayané Jéfry kiyé, muga-muga ngimpi lan cita-citané bisa kelakon," omongé Tri Budi Hermanto. (*)