Pengunjungé Mlorod, Bakul-bakul nang Guci Tegal Ora pada Dagang

Konten Media Partner
23 Februari 2021 21:27 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Area wisata Guci Kabupaten Tegal sepi pengunjung.
zoom-in-whitePerbesar
Area wisata Guci Kabupaten Tegal sepi pengunjung.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Bakul-bakul nang Obyek Wisata Guci Kabupatén Tegal ngrasakna sepiné pengunjung sawisé amblesé dalan utama Guci nang ruas dalan Kalibakung, Kecamatan Balapulang toli cuaca sing ékstrim akhir-akhir kiyé. Bakul-bakul akhiré pada milih nutup lapaké.
ADVERTISEMENT
Kaya sing dirasakna bakul panganan nang aréa Guci, Dakirman. Dhéwéké ngomong, warungé wis sa minggu ora dibuka sajegé curah udan sing gedhé lan dalan nang Kalibakung arah Guci ambles.
"Ana pirang dina kiyé wong dagang nang aréa Guci akéh sing ditutup. Guci sepi pengunjung. Ora nana pemasukan babar blas soalé wisatané sepi lan akhiré bakul-bakul nutup lapaké," omongé.
Kepala Unit Pelaksana Téknis Daérah (UPTD) pengelolaan obyek wisata Guci, Ahmad Abdul Khasib ngakoni wis sa pendak kiyé wisata Guci pengujungé sepi, mbuh kuwé tah dina biasa utawané dina préi.
"Saptu lan Minggu, pengunjungé mlorod nemen," jaréné.
Dhéwéké ngungkapna, nang dina Ahad tanggal 14 Fébruari, jumlah pengujung Guci mung 450 wong, lan nang dina-dina biasa, sawisé kedadéné dalan ambles, rata-rata per dina mung 95 wong. "Nganti dina kiyé terus temurun." jaréné.
ADVERTISEMENT
Jaréné, nang dina biasa (normal) pengunjung sekitaréng 700 — 800 wong lan dina préi kaya Minggu utawa préi nasional 1.500 nganti 2000 pengunjung. "Saiki pengujung temurun nemen. Lumrah baé perekonomian adol tuku nang wisata Guci mlorod lan bakul-bakul akéh sing tutup lapaké."
Nang sisi liya, khasib nglanjutna, kondisi kuwé pan dimanfaatna nggo bersih-bersih luwihan-luwihan material merga udan gedhé. Termasuk bersih-bersih saluran banyu uga nyemprot disinféktan nang lokasi wahana. (*)