Konten Media Partner

Penthol, Murid Tegal Kiyé Olih 2 Medali Emas neng Kejurprov NPCI Jateng 2022

30 Oktober 2022 14:17 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Sabrina Herliana, murid kelas XII IPS 2 SMAN 1 Dukuhwaru, Kabupatén Tegal dadi juara neng Kejurprov NPCI Jawa Tengah.
zoom-in-whitePerbesar
Sabrina Herliana, murid kelas XII IPS 2 SMAN 1 Dukuhwaru, Kabupatén Tegal dadi juara neng Kejurprov NPCI Jawa Tengah.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
SLAWI – Sabrina Herliana, murid kelas XII IPS 2 SMAN 1 Dukuhwaru, Kabupatén Tegal, bisa olih rong medali emas neng Kejurprov NPCI Jawa Tengah, nang Surakarta, 25-27 Oktober 2022.
ADVERTISEMENT
Waka Kesiswaan M. Fahmi Mubarok ngomong, pihak sekolah bangga karo préstasi sing diolihna muridé. Dhéwéké olih 2 medali emas neng lempar cakram lan lempar lembing.
Jaréné, Sabrina Herliana wis latihan sataun kiyé dadi atlet lempar lembing, lempar cakram, lan tolak peluru. Daning kerasé latihan, apa sing dikepéngini lan dicita-citakna Sabrina akhiré kewujud.
"Kabéh warga SMANDUK bangga lan terharu. Dhéwéké bocah difabel sing inspiratif, lan aktif neng OSIS lan Pramuka,” tuturé makili Kepala Sekolah SMAN 1 Dukuhwaru Heris Samekto.
Ora mung kuwé, Sabrina uga sosok sing ora minder karo keterbatasan fisiké. Bocahé positive thinking terus karo grapyak maring guru lan maring batir-batir sekolahé.
Jaré Fahmi, harapan mengarepé, Sabrina bisa ningkatna préstasi. Soalé dhéwéké kudu mersiapna nggo Kejurnas. “Lan, dhéwéké tetep down-to-earth utawa ndhap asor, tetep dadi Sabrina sing grapyak lan sopan, tetep semangat lan percaya diri,” pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT