Pertamina Nambah Stok Nganti 57.120 Tabung nang Brebes Ébén Ora Kekurangan Stok

Konten Media Partner
28 Agustus 2021 20:53 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pangkalan gas 3 Kg di Desa Siasem Kecamatan Wanasari Kabupaten Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Pangkalan gas 3 Kg di Desa Siasem Kecamatan Wanasari Kabupaten Brebes.
ADVERTISEMENT
BREBES — Wong Brebes pada kangélan nggoleti gas mélon 3 kilogram akhir-akhir kiyé. Pertamina jaré pan main tambahan stok nganti 57.120 tabung nggo ngatasi kekurangan kuwé.
ADVERTISEMENT
Info kuwé sumberé seka Kabag Perékonomian Setda Pemkab Brebes Farikha metung Kasubag Sumber Daya Alam (SDA) Munaji. Jaréné, Pemkab Brebes wis sajegé akhir wulan Juli nglakoni pirang-pirang langkah lan terus koordinasi karo Pertamina.
Malah, jaréné, pihaké uga wis njaluk tambahan maring Pertamina seakéh ping telu, lan kabéhané wis diréalisasikna. Tahap pertama, nang akhir wulan Juli ditambahi lan diwékena nggo 6 kecamatan, alokasi saben kecamatan 560 tabung.
Merga ésih kangélan, latané ditambah tahap keloro. Tambahan tahap keloro dilakoni nang awal wulan Agustus nggo 11 kecamatan, lan saben kecamatan olih alokasi 506 tabung.
Seka hasil pemantauan nang lapangan, jebulané tambahan kuota kuwé ésih baé kurangen. Mugané, pihaké ngajukna maning tambahan segedhé 1 alokasi harian normal 102 Lo utawa seakéh 57.120 tabung.
ADVERTISEMENT
"Tambahan alokasi molai dina kiyé (wingi), lan pan dijujugna selama telung dina. Muga-muga anané tambahan kiyé bisa ngatasi kelangkaan kiyé," omongé Munaji, dina Jemuah (28/8/2021).
Sajegé kiyé, jaréné, pasokan gas seka Pertamina secara regulér tetep dilaksanakna. Wong pada angél nggolét malah merga anané peningkatan jalukan seka masarakat.
Jalukan masarakat dhuwur soalé ana pirang faktor, neng antarané PPKM sing dilonggarna, ungsum hajatan lan ungsum tandur merga anané konversi bahan bakar nggo kompa banyu seka BBM maring gas.
"Dadi, dhéwék ngindangi kelangkaan kiyé wis kawit suwé lan terus proaktif karo Pertamina," jaréné.
Sadurungé, kekait kelangkaan gas élpiji ukuran 3 kg nang wilayah Kabupatén Brebes neng rong wulanan kiyé, Anggota Komisi VII DPR RI, Paramitha Widya Kusuma, njaluk Pemkab Brebes luwih proaktif wayah ngatasi masalah kuwé. Khususé, wayah ngajukna tambahan vakultatif maring Pertamina.
ADVERTISEMENT
Jaréné Mitha, sapaan akrabé, kelangkaan gas mélon nang Brebes kiyé dudu hal sing lumrah kedadén. Dongé kedadénan kuwé wis bisa diantisipasi daning pihak kekait, neng hal kiyé pemréntah daérah. Saliyané wis dadi kebutuhan pokok, arangé gas 3 Kg kiyé wis nggawé was-was masarakat.
"Nyong njaluk Pemkab Brebes metung Bagian Perékonomian luwih proaktif nyampékna jalukan tambahan jatah vakultatif maring Pertamina. Kiyé merga dhéwéké sing berwenang ngajukna permohonan nganggo dasar analisis maring kebutuhan masarakaté," omongé Paramitha Widya Kusuma.
Seka taun maring taun, sabeneré pola kelangkaan sing kedadén rada mirip. Yakuwé, wayah akéh dianakna acara nang masarakat, kaya hajatan utawa kegiatan taunan liyané, mugané jalukané ningkat nemen. Masarakat Brebes lan sekitaré kiyé njunjung nemen tinggi budaya, Taun Baru Islam, Badanan, Taun Baru Maséhi, mesti akéh acara syukuran lan sabangsané.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék kan nembé baé ngliwati Taun Baru Islam, lan warga akéh sing nganakna syukuran mugané nganti saiki ésih baé arang merga imbas seka dienggo wayah hajatan-hajatan kiyé," pungkasé. (*)