Petani Bawang nang Brebes Lagi Kangelan Banyu, Nyirami Sawah Nggo Comberan

Konten Media Partner
8 Agustus 2020 21:42 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petani tengah menyedot air yang kelihatan berwarna hitam.
zoom-in-whitePerbesar
Petani tengah menyedot air yang kelihatan berwarna hitam.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES – Petani-petani bawang abang utawa brambang nang Kabupatén Brebes lagi kangelan banyu. Ana sing kepaksa manfaatna banyu limbah utawa banyu comberan nggo mbanyoni sawahé. Banyu sumur pantek sing ana krasa lecit lan ora cocog nggo tanduran.
ADVERTISEMENT
Petani brambang sing arané Mustofa ngomong, kabéh petani kepaksa manfaatna banyu wangan soalé kangélan olih banyu nggo mbanyoni tandurané. Kecatet ana sekitar 25 petani sing kepaksa nganggo banyu wangan kuwé nggo puluhan hektar sawahé. Petani ngakoni ari penggunan banyu wangan ora apik nggo tanduran.
"Dampak maring tanduran jelas kurang waras lan pertumbuhané semadan kuntét. Ana biaya tambahan nggo tetamba soalé nganggo banyu wangan," omongé Mustofa, dina Kemis (6/8/2020).
Dhéwéké nambahi, petani nyedot banyu wangan karo nganggo kompa nang kali Sigeleng. Petani kudu ngetokna biaya nggo tuku 3 liter BBM sadinané nggo nyedot banyu kuwé. Mugané, nang masa tandur kiyé petani ngaku mung untung tipis.
Petani nang wilayah Kota Brebes sabeneré wis olih bantuan sumur panték nang 7 titik nggo ngatasi kurangen banyu wayah mangsa ketiga. Tapi, sumur kuwé ngetokna banyu sing rasané lecit. Gadiné ora cocog nggo pertanian. Sing kaya kiyé latané nggawé petani kepaksa nganggo banyu wangan.
ADVERTISEMENT
"Pancén ana bantuan sumur panték nang 7 titik tapi sing ngetuk banyuné lecit. Ora cocog nggo pertanian. Manfaatna banyu wangan kiyé wis awit mang wulan wingi," jelasé.
Nasib sing padha dialami petani liyané, Daklan ngaku kudu luruh sumber banyu nggo mbanyoni tanduran bawangé sing wis umuré 40 dina. Petani nang wilayahé luruh sumber banyu nganggo kompa diesel sing dipasang nang pinggiréng kali lan irigasi. Sementara, irigasi sing nglinter nang aréal tegalan kuwé katon garing.
"Wis sawulan kiyé kangélan banyu. Biasané jukut nang irigasi nganggo kompa diesel. Tapi wis pirang dina irigasiné wis garing," omongé Daklan. (*)