news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Pilihan Kades Wangandalem Brebes Unik, Calon Sing Kalah Uga Olih Hadiah Motor

Konten Media Partner
19 Mei 2022 20:12 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Loro calon kades Wangandalem njagong nang kursi wayah Pilkades digelar.
zoom-in-whitePerbesar
Loro calon kades Wangandalem njagong nang kursi wayah Pilkades digelar.
ADVERTISEMENT
BREBES — Pilihan Kepala Desa utawa Pilkadés Serentak Brebes Gelombang III digelar dina Rebo (18/5/2022). Pésta démokrasi tingkat désa kuwé diadakna 43 désa sing nyebar nang 16 kecamatan. Salah sijiné nang Désa Wangandalem Kecamatan Brebes.
ADVERTISEMENT
Éwonan warga Wangandalem pada semangat teka maring TPS nggo mékena hak pilihé. Ana rong aran calon kepala désa (Cakadés) nomer urut 1 Siswondo lan nomer urut 2 Ma'mur Rosidin.
Malah, nggo ngramékna Pilkadés, wong sing sugihé ora umum utawa pengusaha suksés seka désa kononé mékena hadiah doorprize 19 unit motor lan pirang-pirang barang éléktronik rumah tangga ngantikan pit.
Doorprize kuwé, diwékena maring warga sing untung neng undian doorprize kuwé. Syaraté, warga sing wis nggunakna hak suarané neng Pilkadés Désa Wangandalem karo dibuktikna nudukna KTP asli. Hadiah 19 motor pan diundi neng masing-masing RT.
Saduluré pengusaha suksés kuwé, Wahyu Ririn Erawati Sartono, ngomong undian doorprize kuwé kepisah seka panitia pemilihan penyelenggaraan kepala désa.
ADVERTISEMENT
Jaré bojoné bekas Kadinkes Brebes, almarhum dokter Sartono kiyé, doorprize kiyé diwékena ébén jumlah pemilih sing noblos nang TPS bisa satus persén seka daftar pemilih tetap (DPT).
"Kekarepané bisa satus persén pemilih teka maring TPS, nggo nentukna hak suarané. Termasuk wéin doorprize karo cara diundi ébén penyelenggaraan Pilkadés aman," omongé Wahyu Ririn.
Warga Wangandalem liyané, Nur Ahmad Tashadi, ngomong doorprize 19 unit motor diwékena daning wong loman seka Kabupatén Brebes. Dhéwéké saiki dadi pengusaha suksés nang Jakarta.
"Beliau kepéngin, nang désa tempat kelairané aman lan tentrem tanpa ana rusuh antar warga lan karo para Cakadés sing saingan nggo siap menang lan siap kalah. Kaya kuwé harapané beliau sing mékena doorprize," jaré Nur Tashadi sing ésih sadulur karo pengusaha kuwé.
ADVERTISEMENT
Dhéwéké njelasna 19 unit motor sing diedumna, yakuwé 18 unit motor mérk Yamaha Gear masing-masing nggo saben RT-né karo cara diundi, lan sa unit motor N-Max nggo calon lurah sing kalah.
"Carané mengko karo cara diundi masing-masing RT-né, dadi dhéwék wis nyatakna komitmen nétral, kebuka, jujur lan adil," pungkasé. (*)