Polisi nang Kota Tegal Nyiapna Pos Nggo Ngadang Wong sing Mudik

Konten Media Partner
16 April 2021 17:06 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari dan Kasatlantas AKP Nuraini Rosyidah mengecek penerapan prokes bagi penumpang di Terminal Bus Kota Tegal pada 18 Februari 2021. (dok. panturapost.com)
zoom-in-whitePerbesar
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari dan Kasatlantas AKP Nuraini Rosyidah mengecek penerapan prokes bagi penumpang di Terminal Bus Kota Tegal pada 18 Februari 2021. (dok. panturapost.com)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Satlantas Polrés Tegal Kota molai nyiapna pos penyekatan nang Kota Tegal sing diliwati wong mudik. Termasuk wong montoran sing metung jalur Pantura.
ADVERTISEMENT
Kasatlantas Polrés Tegal Kota, AKP Nuraini Rosyidah, ngungkapna titik penyekatan utawa pos penyekatan ana nang Terminal Bis Tipe A Kota Tegal.
"Kendaraan sing kebukti pan mudik, pan dhéwék njaluk muter balik. Sing jelas karo komunikasi sing apik," omongé Aini, dina Kemis (15/4/2021).
Aini ngungkapna, saliyané pos penyekatan, ana 14 posko liyané sing pan disiapna wayah pan badanan. Kebagi seka 4 pos pelayanan nang terminal, simpang Maya, Coyo, lan Stasiun Sepur. Latané 2 pos chéck point nang Pasar Anyar lan terminal.
Selanjuté 10 pos pengamanan kaya nang Pertelon Tempa, Naga Mas, lan Prapatan Kejambon, Pasar Anyar dampar Sepur Tirus, terminal bagian njero, Simpang Jalingkut, Pertelon Sumurpanggang, SPBU Cabawan lan SPBU Kaligangsa.
ADVERTISEMENT
Aini ngungkapna, anané pelarangan mudik taun kiyé, ndéyan jalur Pantura bakal penuh daning wong mudik sing nganggo motor.
"Uga pan ana pengalihan trek sumbu telu seka tol ndéyan dampaké macet nang Pantura. Nah dhéwék wis antisipasi kerja sama uga karo instansi kekait," jaréné.
Larangan mudik daning pemréntah soalé ésih pageblug Corona. Jaré Aini pihaké pan terus nyosialisasikna kebijakan kuwé maring masarakat.
"Tetep sosialisasi larangan mudik, nganggo banner, onlén lan radio. Soalé nang Kota Tegal laka tol, dadiné ora tés swab. Tapi angger pancén diperlukna dhéwék pan kerja sama karo Dinas Keséhatan," pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz