news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Polisi Tegal Nangkep Bandar Judi Onlén

Konten Media Partner
5 November 2020 19:22 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari Wibowo menginterogasi tersangka judi online dalam gelaran jumpa pers ungkap 5 kasus pidana di Mapolres Tegal Kota. (Foto: Setyadi)
zoom-in-whitePerbesar
Kapolres Tegal Kota AKBP Rita Wulandari Wibowo menginterogasi tersangka judi online dalam gelaran jumpa pers ungkap 5 kasus pidana di Mapolres Tegal Kota. (Foto: Setyadi)
ADVERTISEMENT
TEGAL - Polisi winginané bar nangkep wong lanang sing huruf ngarepé B alias Ribut (47) warga seka Kelurahan Sumurpanggang, Kecamatan Margadana, Kota Tegal. Dhéwéké dicekel merga nglakoni dadi bandar judi onlén.
ADVERTISEMENT
Ribut sing dicekel jajaran Satréskrim Polrés Tegal Kota, saiki lagi ndekem nang penjara Mapolrés Tegal Kota nggo mertanggungjawabna perbuatané.
"Tersangka nglakoni dadi bandar, karo nrima wong masang nggo dhéwéké setorna maring situs judi onlén. Misalé ana sing menang, dadiné dhéwéké olih fee," omongé Kasatréskrim AKP Syuaib Abdullah, dina Rebo (4/11/2020).
Sadurungé, Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari Wibowo ngungkapna, tersangka diamanna tanggal 27 wulan Oktober 2020 wingi nang umahé sing ana nang dalan Kemiri, Kelurahan Sumurpanggang, Margadana.
"Modus operandiné tersangka mbuka situs judi onlén lan ndaftar karo identitas ora asli utawa karo aran Mahesa sing latané ndéposit saldo," jaré Rita.
Sawisé nduwéni saldo, tersangka selanjuté dodolan judi onlén karo nrima pasangan judi seka wong liya. "Duwit seka wong-wong sing pasang latané dikirim maring situs judi onlén. Seka dodolan kuwé tersangka olih untung utawa komisi," imbuhé.
ADVERTISEMENT
Disampékna Kapolrés, tersangka judi onlén, dijerat Pasal 303 KUH Pidana lan Pasal 45 Ayat 2 UU RI No. 19 Taun 2016 ngenani Informasi lan Transaksi Elektronik karo anceman ngantikan 10 taun penjara.
Saliyané tersangka, polisi uga ngamanna ana pirang barang bukti nang antarané yakuwé HaPé siji, telung lembar kertas suwekan, pulpen, duwit modal Rp 200.000, duwit pasangan Rp 122.000, siji ATM, lan siji buku tabungan. (*)