news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Puluhan Nakes Puskesmas Karo Rumah Sakit nang Brebes Nggrudug DPRD

Konten Media Partner
3 Juni 2021 19:49 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Gawa poster, puluhan Nakes Puskesmas karo Rumah Sakit nang Brebes nggrudug DPRD.
zoom-in-whitePerbesar
Gawa poster, puluhan Nakes Puskesmas karo Rumah Sakit nang Brebes nggrudug DPRD.
ADVERTISEMENT
BREBES — Puluhan tenaga keséhatan (Nakes) seka RSUD utawaha Puskesmas nekani kantor DPRD Brebes, dina Rebo (2/6/2021). Dhéwéké pada nuntut wéinan inséntif Corona maring tenaga keséhatan diwékenané penuh sesuai karo aturan sing kanggo.
ADVERTISEMENT
Karo nggawa pirang-pirang poster sing tulisané tuntutan, dhéwéké pada sempet njémbréngna lan nyuarakna aspirasiné nang latar gedung DPRD. Dhéwéké ya akhiré dikongkon manjing lan langsung nglakokna rembugan karo Komisi II lan Komisi IV DPRD Brebes.
Anggota Komisi II DPRD Brebes, Tri Murdiningsih nyatakna, pihaké tetep pan merjuangna wéinan inséntif Corona maring tenaga keséhatan sing mélu nganggo cara langsung sesuai karo aturan sing kanggo.
"Hak inséntif maring tenaga keséhatan kudu diupayakna diwékena sesuai karo aturan. Tapi, uga kudu tupoksiné sing bener-bener nangani Corona," jelasé.
Dhéwéké ya njaluk maring Pemkab neng hal kiyé Dinas Keséhatan nggo bisa mékena data sing valid kekait jumlah tenaga keséhatan sing langsung nangani Corona.
"Angger data wis faktual utawa valid, Pemkab kudu gagiyan mbayarna sesuai karo gedhéné. Sing kudu diwékena kuwé, sing kekurangan inséntif Nakes taun 2020 wingi. Angger sing taun mlaku pancén ésih neng tahap perencanaan usulan anggarané lan lagi neng penghitungan inséntifé," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Kepala Dinas Keséhatan Kabupatén Brebes, dr Sartono ngomong, pihaké njaluk maring Pemkab mékena tanggungan inséntif tenaga keséhatan nang taun 2020 segedhé Rp 31 milliar. Lah, angger nggo éstimasi kebutuhan inséntif tenaga keséhatan taun 2021 kiyé tekan Rp 44 milliar.
"Nggo selanjuté dhéwék gagiyan nglakoni validasi data tenaga keséhatan sing nangani Corona nang taun 2021. Dadi mengkoné inséntif bisa diwékena Pemkab Brebes metung APBD sing sesuai lan pas sasaran," omongé dr Sartono.
Sadurungé, Pemkab duwé alesan anggaran nggo Nakes seka peralihan APBN ora bisa dicairna soalé APBD wis ditetepna. Seka alokasi sakabéhan mestiné Rp 75 miliar, tapi nang APBD Brebes taun kiyé mung dialokasikna Rp 15 miliar tok. (*)
ADVERTISEMENT