Rega Kedelé Mentit, Tahu karo Témpé Ukurané Diciliki, Tapi Regané Dimundhakna

Konten Media Partner
7 Januari 2021 20:45 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Diroh pengusaha tahu seka Desa Guci, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Diroh pengusaha tahu seka Desa Guci, Kecamatan Bumijawa, Kabupaten Tegal.
ADVERTISEMENT
TEGAL — Rega kedelé pirang dinahan kiyé lagi mentit utawa mundhak duwur nemen. Mundhaké kuwé akhiré nggawé dampak maring usaha tahu lan témpé nang Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
Yuniati Dewi, 28 taun, salah siji tukang nggawéni témpé nang Kecamatan Bojong, Kabupatén Tegal ngomong, mundhaké kuwé kedadén terus nggal taun. Tapi nggo taun kiyé, mundhaké termasuk sing paling dhuwur.
Jaré dhéwéké, biasané kedelé mundhak wayah momentum akhir taun. Taun 2019, rega kedelé sing asalé Rp 7.500 sakiloné mundhak dadi Rp 8.500 sakiloné. Tapi akhir taun kiyé mundhaké luwih dhuwur. Seka sing asalé Rp 7.500 sakiloné dadi Rp 9.500 sakiloné.
Senajan kaya kuwé, dhéwéké kudu tetep bertahan ébén pawoné tetep ngebul. "Akalén mundhak bahan baku kedeléné dhewek tetep produksi témpé lan dhéwék masarna nang pasar tradisional," tuturé Yunita maring PanturaPost, dina Rebo (6/1/2021).
Nggo ngakali kuwé, Yuniati kepaksa mundakna rega témpé nang pasaran. Umpamané nggo témpé sing cilik (ukuran 12×15 cm) mauné didol Rp Rp 600 per iji mundhak dadi Rp 700 per iji. Latane nggo témpé sedeng (ukuran 13×15 cm) mundhak seka Rp 800 maring Rp 1.000 per iji. Latané nggo témpé sing gedhé (ukuran 11×25 cm) mauné didol Rp 2.500 mundhak dadi Rp 3.000 per iji.
ADVERTISEMENT
Belih mung mundakna rega, Yuniati uga ngurangi kandelé témpé dadi telung sentiméter. "Biasané kandelé nggo kabéh ukuran limang sentiméter. Kuwé baé akéh pelanggan sing protes, tapi kudu kepibén maning. Kedeléné mundhaké dhuwur," tuturé.
Hal sing padha uga diungkapna juragan tahu nang Désa Guci, Kecamatan Bumijawa, Diroh (31). Dhéwéké ngomong wis 10 taun dhéwéké nglakoni usaha kuwé, mbené pisan kiyé rega kedelé mundhak dhuwur. Tapi, kepibéna, produksi tahu kudu tetep jalan.
"Kebeneran ésih tetep blanja kedelé akalén mundhak regané," jaréné.
Padha karo Yuniati, dhéwéké ya mundakna rega tahu nang pasaran ébén tetep bertahan. Umpamané nggo siji tahu sing cilik mauné didol Rp 400 saiki dadi Rp 450 per iji.
"Tahu sing ukuran sedeng mauné Rp 600 saiki Rp 700 per iji. Latané sing gedhé sadurungé Rp 1.000 saiki Rp 1.200 per iji," pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT