news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Rega Kedelé Mundak Baé, Juragan Tahu Témpé nang Kabupatén Tegal Lagi Kéder

Konten Media Partner
10 Februari 2021 21:27 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pengrajin tahu di Kabupaten Tegal.
zoom-in-whitePerbesar
Pengrajin tahu di Kabupaten Tegal.
ADVERTISEMENT
SLAWI — Wong sing biasa gawé tahu lan témpé nang Kabupaten Tegal lagi pada keder karo rega kedelé sing terus mundhak. Dhéwéké pada diadhepna maring rong pilihan, antara mundhakna rega utawa nyilikna produk tahu témpéné.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék juragan tahu témpé lagi diwedén-wedéni rega kedelé sing terus mundhak. Wingi mundhak lan saiki tambah mundhak. Dadi dhéwék kéder. Karo rega kedelé mundhak, dhéwék kudu pibé, pan nyilikna produk tahu témpéné, apa mundhakna rega adolé," jaré salah siji juragan tahu témpé nang pasar Bojong Kabupatén Tegal, Yuniati Dewi maring PanturaPost, dina Slasa (9/2/2021).
Dhéwéké ngungkapna, rega kedelé mauné Rp 7.000/kg, saiki dadi Rp 10.000/kg. "Angger tukuné sa waring, perkilo bisa rega Rp 9.800. Tapi angger tuku écéran perkilo bisa nganti Rp 10.000. Mundhaké méh Rp 3.000," jaréné.
Karo kondisi kuwé, jaré dhéwéké, ana rong pilihan. Diciliki produké utawa rega dianjatna maning. "Tapi kéder adolé," angluhé.
Hal sing padha uga diungkapna daning juragan lan bakul tahu témpé nang Pasar Bojong lan Bumijawa, Diroh. "Rega kedelé mundak dadi Rp 10.000/kg, kuwé tuku nang tempat. Angger tuku lan diater maring umah kuwé bisa nganti luwih seka Rp 10.000," terangé.
ADVERTISEMENT
Senajan rega kedelé mundhak, tapi dhéwéké pada pan tetep produksi. Lan, nggo sementara tahu témpé ésih karo bentuk standar lan regané biasa.
"Tapi angger rega kedelé terus mundhak, dhéwéké pada pan nentukna rega lan bentuk tahu lan témpéné," omongé mbari ngarep-arep rega kedelé anteng. (*)