Regané Anjlog, Petani Brebes Kepaksa Adol Bawang Sekiloné Sangang Éwu Perak

Konten Media Partner
8 Januari 2021 19:39 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petani bawang merah Brebes dengan hasil panenannya.
zoom-in-whitePerbesar
Petani bawang merah Brebes dengan hasil panenannya.
ADVERTISEMENT
BREBES — Sajegé pertengahan wulan Novémber 2020, rega bawang terus anjlog ngantikan saiki. Petani bawang nang Kabupatén Brebes kepaksa ngedol hasil panéné karo rega murah. Mung sekitar Rp 9.000 nganti Rp 10.000 per kilo.
ADVERTISEMENT
Salah siji petani nang Kelurahan Limbangan Kulon, Brebes, Warni ngaku kepaksa pan ngedol hasil panéné karo rega murah nang Pasar Séngon Kecamatan Tanjung soalé kepépéd kebutuhan. Kabéh petani ya ngarep-arep ébén pemréntah bisa mundakna rega brambang nang tingkat petani.
"Regané anjlog dadi Rp 10.000 per kilo. Setengah wulan kiyé, regané mudun terus sing mauné Rp 20.000 per kilo," jaré Warni, dina Kemis (7/1/2021).
Sementara kuwé, Kepala Bidang Hortikultura Dinas Pertanian dan Ketahanan Pangan (DPKP) Brebes, Tanti Palupi ngakoni saiki rega brambang nang tingkat petani kuwé mrosot sajegé wulan Novémber 2020. Rega saiki Rp 9.000 — Rp 10.000 per kilo. Rega kuwé adoh seka rega Break Event Point (BÉP) utawa rega pur.
ADVERTISEMENT
"BÉP-né kuwé Rp 12.900 per kilo. Rega molai mudun sajegé sa wulan setengah kiyé. Yakuwé molai pertengahan wulan Novémber wingi. Awal Novémber, regané ésih Rp 20.000. Latané minggu ke loro Novémber, mudun dadi Rp 17.000. Minggu ke telu Novémber, dadi Rp 14.000 nganti ngleboni Désember. Pertengahan Désember mudun dadi Rp 9.000," bébéré.
Jaréné, mrosoté rega bawang merga saiki lagi kedadén panén raya. Belih mung nang Kabupatén Brebes, nang pirang daérah sentra penghasil brambang kaya Kendal, Demak, lan NTT uga lagi panén raya bawang.
"Panén raya nang ungsum kiye maju sa wulan," jaréné.
Nggo nyetabilna rega, dhéwéké nglanjutna, pihaké njaluk petani kabéh nggo mendha adol hasil panén karo mbenahi nang gudang. Langkah kiyé dilakoni eben petani ora nanggung tuna karo ngénténi rega bawang mundhak nang wulan Fébruari.
ADVERTISEMENT
"Cara séjén, bisa baé petani sing mbenahi saparo hasil panéné nggo didadékna bibit nggo masa tandur selanjuté," pungkasé. (*)