Riza Syah Wis Suwé Ora Balik Tegal, Wong Tuané Kangen Nusul Maring Jakarta

Konten Media Partner
24 Oktober 2020 21:42 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Riza Syah (kanan) bersama orang tuanya. (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Riza Syah (kanan) bersama orang tuanya. (Foto: Istimewa)
ADVERTISEMENT
TEGAL — Kun Syahya Nuriza artis seka Tegal sing nduwéni aran panggung Riza Syah anyar-anyar kiyé maén nang sinetron sing judulé Putri Untuk Pangeran. Sinetron kuwé tayang méh nggal dina nang RCTI.
ADVERTISEMENT
Keloro wong tuwané Riza Syah yakuwé Nurfauzun (53) karo Nur Amalah (44) mékena tanggepan soal anaké sing maén sinetron kuwé. Wong tuwané ngaku bungah anaké bisa akting bareng karo artis-artis liyané.
Jere Nurfauzun, saiki keluarga nganti nyusul maring Jakarta nemoni Riza. Soalé déwéké kangen karo Riza sing wis suwé belih balik kampung nang Désa Bojong, Kecamatan Bojong, Kabupatén Tegal.
"Saiki nyong lagi nang Jakarta weruh bocah lagi syuting. Kebeneran Riza wis suwé ora balik kampung. Apa maning ditambah masa pandemi, dadi kluwarga sing maring Jakarta," ungkapé.
Fauzun ngomong, pihak kluwarga ndukung terus anak pembarepé kuwé ngasah karir nang dunya seni peran.
"Riza awal kariré seka model lan pirang-pirang peran nang sinetron. Tapi sing gawé bungah kluwarga kuwé pas weruh sinetron Putri Untuk Pangeran," omongé Nurfauzun maring panturapost, dina Jemuah (23/10/2020).
ADVERTISEMENT
"Nang sinetron kiyé Riza ngembang terus nang aktingé. Dadi gawé bungah," sambungé.
Sadurungé artis kelairan Tegal, 6 Juni 1994 kiyé pancen wis duwé peran nang pirang sinetron lan pilem. Nang antarané duwé judul Badai dadi Dimas, Anugerah Cinta dadi Oki, Anak Titipan Tuhan duwé peran dadi Ozan, Siapa Takut Jatuh Cinta duwé peran dadi Reza. Sementara pilem Cinta Anak Muda duwé peran dadi Jacky. (*)