news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Rong Dina, 31.673 Dosis Enték Daning Warga Kabupaten Tegal

Konten Media Partner
28 Agustus 2021 18:31 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Umi saat meninjau acara serbuan vaksinasi di GOR Trisanja Slawi, Rabu (25/08/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Umi saat meninjau acara serbuan vaksinasi di GOR Trisanja Slawi, Rabu (25/08/2021).
ADVERTISEMENT
SLAWI — 31.673 dosis vaksin Corona enték daning warga Kabupaten Tegal sing méloni program vaksinasi nasional selama rong dina. Jumlah kiyé ngluwihi targét sing ditetepna, yakuwé akéhé 30.000 dosis.
ADVERTISEMENT
"Alhamdulillah seka jumlah vaksin sing disediakna kabéhané enték. Malah, mang éwu dosis vaksin cadangan sing wis disiapna ya mélu kekenggo," omongé Bupati Tegal Umi Azizah lubar nutup acara serbuan vaksinasi nang GOR Tri Sanja Slawi pas dina Kemis (26/08/2021) soré.
Neng kesempatan kiyé Umi nyampékna omongan matur nuwuné maring kabéh warga Kabupatén Tegal sing wis partisipasi méloni program serbuan vaksinasi. Aprésiasi disampékna Umi maring Panglima Komando Armada (Koarmada) II Laksda TNI Iwan Isnurwanto sing wis kerja samanan nganakna vaksinasi massal kiyé.
Umi ya ngarep-arep TNI AL bisa ngadakna maning program serbuan vaksinasi ke loro nang Kabupatén Tegal guna nyepeti lan ngambani vaksinasi ébén penduduké pada kebal.
"Muga-muga dhéwék bisa ketemu maning sa wulan sing pan teka karo nggawa dosis loro karo jumlah sing padha. Syukur-syukur bisa luwih akéh soalé dhéwék bisa ngileng bareng kekarepan masarakat nang kéné dhuwur nemen," jaréné.
ADVERTISEMENT
Pada baé karo kuwé, Panglima Koarmada II Laksda TNO Iwan Isnurwanto nyampékna aprésiasi lan omongan matur nuwuné maring Pemkab Tegal lan kabéh stakeholder sing mélu, khususé masarakat.
"Nyong bungahé por, targét vaksinasi nang kéné bisa kelakon. Kiyé yakuwé kerja sama sing hebat lan kuwat. Muga-muga angger pancén ésih ana kuota vaksin neng dhéwék, dhéwék pan balik maning méné," tuturé.
Jaré Iwan, hasil serbuan vaksinasi nang Kabupatén Tegal kiyé yakuwé rékor paling dhuwur pelaksanaan program serbuan vaksinasi nang daérah. Soalé sadurungé, pihaké tau nganakna kegiatan sing pada kaya nang Kota Malang lan Kota Surabaya, tapiné ora mampu ngliwati targét.
"Masarakat Kabupatén Tegal temenan luar biasa. Kegiatan sajenis kiyé tau dhéwék lakoni nang Stadion Pancasila Kota Surabaya karo 23 éwu peserta lan Stadion Gajayana Kota Malang olih 24 éwu peserta. Muga-muga kanca-kanca vaksinator lan kabéh tim sing mélu keselé bisa dadi berkah lan ladang ibadah," omongé Iwan.
ADVERTISEMENT
Sadurungé, neng dina ke loro pelaksanaan program serbuan vaksinasi kiyé, Bupati Tegal Umi Azizah karo jajarané sempet ngileng pelaksanaan vaksinasi nang Pantai Purwahamba Indah. Nang tinjauané kuwé Umi didampingi Sekretaris Daérah Kabupatén Tegal Widodo Joko Mulyono lan kepala perangkat daérah Pemkab Tegal. (*)
---
Disunting Daning: Irsyam Faiz