Rong Wulan nang Polder, Dermaga Apung Dipindah Maning nang PAI Kota Tegal

Konten Media Partner
3 April 2021 21:16 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Dermaga apung di Polder Bayeman, Kota Tegal. (Foto: Dok Pemkot Tegal)
zoom-in-whitePerbesar
Dermaga apung di Polder Bayeman, Kota Tegal. (Foto: Dok Pemkot Tegal)
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Sawisé mangkrak nang Polder Bayeman, dermaga apung dipindah maning maring tempat asalé. Yakuwé nang objék wisata Pantai Alam Indah (PAI) Kota Tegal molai dina Jemuah (2/4/2021).
ADVERTISEMENT
Dipindahnané material kubus sisan karo perangkat pendukungé kuwé dilakoni karo ditarik kapal speedboat metung jalur Kali Kaligangsa. Tujuané maring pesisir laut ngantikan maring arah wétan nuju maring PAI nang wilayah Kecamatan Tegal Timur.
"Iya molai dina kiyé dipindah, kiyé lagi persiapan. Metung kali ditarik kapal," omongé Kepala Dinas Pemuda Olahraga dan Pariwisata (Dinporapar) Kota Tegal Cucuk Daryanto, wayah dibéll PanturaPost.com, dina Jemuah (2/4/2021).
Cucuk durung awéh penjelasan bisané dermaga apung sing wis kepasang sajegé wulan Januari nang polder dipindah PAI maning.
Senajan kaya kuwé, jaré Cucuk, mengkoné bentuk dermaga apung sing kepasang nang PAI dina kiyé séjén karo sing ndisit. Dina kiyé diarep-arep bisa kuat nahan kantemané ombaké banyu laut.
ADVERTISEMENT
Kepala Bidang Pariwisata Maman Suherman nambahi, saiki ana pirang pekerja ésih mindahna material seka polder maring tanggul kali.
"Penarikan kubus karo kapal speedboat ndéyan ngésuk. Dina kiyé ésih proses pemindahan seka polder maring tanggul Kali Kaligangsa," omongé Maman, wayah dibéll.
Maman ngungkapna, nggo biaya pemindahan sakebeké ésih dadi tanggung jawabé rekanan.
"Tapi kelengkapan pemasangan kaya tali sing nggo nggubed lan jangkar wis dianggarna daning Dinas taun anggaran 2021," omongé Maman.
Kaya dingerténi, dermaga apung sing niléné sekitar Rp 2,5 miliar seka APBD Kota Tegal 2020 kuwé mauné kepasang nang PAI ngantikan bodhol dihampad ombak pas tanggal 6 Désember 2020. Pas kuwé, dermaga durung suwé kepasang malah durung kober diresmikna.
Merga ana intruksi seka Wali Kota, daning Dinporapar material dermaga apung dipindah lan kepasang nang Polder Bayeman, Kaligangsa, pas awal Januari 2021.
ADVERTISEMENT
Dipindahé dermaga apung nggo wahana anyar PAI kuwé malah sempet olih penolakan seka Komisi III DPRD. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz