Sajegé SD Wis Seneng Pencak Silat, Atifa Wis Kopang-kaping Dadi Juara 1

Konten Media Partner
8 Agustus 2022 20:00 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Atlet pencak silat seka Debong Kidul Kota Tegal, Atifa Fismawati
zoom-in-whitePerbesar
Atlet pencak silat seka Debong Kidul Kota Tegal, Atifa Fismawati
ADVERTISEMENT
TEGAL - Atifa Fismawati saiki lagi nggo dadi bahan perbincangan. Dhéwéké yakuwé atlet pencak silat seka Debong Kidul Kota Tegal, Jawa Tengah sing nembé baé olih gelar juara dunia neng ajang Kejuaraan 19th World Pencak Silat Championship 2022 sing dianakna nang MITC, Melaka, Malaysia.
ADVERTISEMENT
Cah wadon sing umuré mbéké 19 taun kiyé seneng karo pencak silat sajegé ésih SD. Dhéwéké nggabung karo perguruan PSHT (Persaudaraan Setia Hati Terate). Saiki, aran Atifa wis mendunia karo pencak silaté.
“Yén seka kluwarga kuwé laka atlet pencak silat. Sabeneré sajegé SD wis seneng pencak silat. Mung pas SD durung bisa mélu pencak silat soalé nanggung wis kelas 6 SD. Dadi nyong nekuni dunia pencak silat kuwé molai SMP. Kebeneran wektu neng SMP mélu ékstrakurikulér nganti dadi atlet Pelatnas tekan saiki,” tuturé Atifa maring PanturaPost, dina Saptu (6/8/2022).
Jaréné, pencak silat kuwé olahraga béladiri sing mbetaih. Saliyané budaya Indonesia, pencak silat uga bisa nggo jaga diri dhéwék nganti dadi wong wadon sing kuat.
ADVERTISEMENT
“Pencak silat wis dadi hobiné nyong, saliyané musik lan nonton pilem. Yén soal cita-cita, wektu cilik péngin dadi TNI/Polri,” ungkapé.
Seka awal nekuni pencak silat, sajegé ésih SMP taun 2014, Atifa berhasil njuwarani kejuaraan pencak silat. Seka tingkat daérah nganti saiki tingkat dunia. Yakuwé:
Juara 1 Popda Kota Tegal 2016
Juara 1 JKTC 5 Championship 2016
Juara 1 Popda Karesidenan Pekalongan 2016
Juara 1 O2SN Kota Tegal 2016
Juara 1 O2SN Karesidenan Pekalongan 2016
Juara 1 Popda Jateng 2016
Juara 1 Kejurprov Salatiga 2016
Juara 2 Kejurnas antar PPLP NTB 2017
Juara 1 Kejurnas antar PPLP Makassar 2018
Juara 1 Popwil III Surakarta 2018
Juara 1 Asean Schools Games Indonesia 2019
ADVERTISEMENT
Juara 1 Kejurnas antar PPLP Aceh 2019
Juara 1 Popnas Jakarta XV 2019
Juara 1 Dulongmas Banjarnegara 2021
Juara 1 World Pencak Silat Championship (Kejuaraan Dunia) 2022.
“Matursuwun nyong ucapna maring Pak Walikota Tegal, Pak Ketua IPSI Kota Tegal, IPSI Kota Tegal. Tanpa IPSI Kota Tegal, nyong ora bisa kaya kiyé. Matursuwun uga maring ASN Kota Tegal lan DPRD Kota Tegal sing wis ngaprésiasi nyong nganti diwéin bonus sing gedhé nggo nyong, nyambut ketekanané nyong, meriahna lan liya-liya,” tuturé.
“Nyong bersyukur nemen, bangga, seneng, terharu kato acara penyambutan sing meriahé por kiyé. Sapisan maning nyong ncucapna matursuwun maring kabéh wong sing ora bisa nyong sebutna siji-siji sing wis nyiapna acara kuwé nggo nyong,” pungkasé Atifa. (*)
ADVERTISEMENT